Wonten ing kitab Kanzunnajah Wassurur,karanganipun
syeikh Abdul Hamid, halaman 139:
قَالَ وَهْبُ بْنُ مُنَبِّهٍ رَضِيَ
اللهُ تَعَالَى عَنْهُ
Imam Wahab bin Munabbih radhiyallaahu ‘anhu ngendiko:
Imam Wahab bin Munabbih radhiyallaahu ‘anhu ngendiko:
قَرَأْتُ
فِيْ كُتُبِ اللهِ الْمُنْزَلَةِ أَنَّ مَنْ اسْتَغْفَرَ اللهَ فِيْ رَجَبٍ بِالْغَدَاةِ
وَالْعَشِيِّ يَرْفَعُ يَدَيْهِ وَيَقُوْلُ: اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِيْ وَارْحَمْنِيْ
وَتُبْ عَلَيَّ (سَبْعِيْنَ مَرَّةً) لَمْ تَمَسَّ النَّارُ لَهُ جِلْدًا.
Aku moco ingdalem kitab kang diturunake dening Gusti Allah:
Sopo wonge nyuwun ngapuro marang Gusti Allah ingdalem wulan Rojab, isuk
lan sore, deweke do’a kanthi ngangkat tangan lorone:
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِيْ وَارْحَمْنِيْ
وَتُبْ عَلَيَّ
Ya Allah, mugi Panjenengan ngapunten dumateng kawulo, mugi Panjenengan maringi rohmat dumateng kawulo, lan mugi Panjenengan nampi tobat kawulo
Mocone
kaping 70 ambalan
Mongko kulite ora bakal kagepok geni neroko
Mongko kulite ora bakal kagepok geni neroko
Kasebat wonten ing
Kitab Mukasyafatul Qulub halaman 255, karanganipun Imam Ghozali:
وَحُكِيَ أَنَّ امْرَأَةً فِيْ بَيْتِ الْمَقْدِسِ كَانَتْ تَقْرَأُ كُلَّ يَوْمٍ مِنْ رَجَبٍ قُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ اِثْنَتَيْ عَشْرَةَ أَلْفَ مَرَّةٍ وَكَانَتْ تَلْبَسُ الصُّوْفَ فِيْ شَهْرِ رَجَبٍ فَمَرِضَتْ وَأَوْصَتْ اِبْنَهَا أَنْ يَدْفِنَ مَعَهَا صُوْفَهَا فَلَمَّا مَاتَتْ كَفَّنَهَا فِيْ ثِيَابٍ مُرْتَفِعَةٍ فَرَآهَا فِيْ مَنَامِهِ تَقُوْلُ لَهُ أَنَا عَنْكَ غَيْرُ رَاضِيَةٍ لِأَنَّكَ لَمْ تَعْمَلْ بِوَصِيَّتِيْ فَانْتَبَهَ فَزِعًا وَأَخَذَ صُوْفَهَا لِيَدْفِنَهُ مَعَهَا فَنَبَشَ قَبْرَهَا فَلَمْ يَجِدْهَا فِيْهِ فَتَحَيَّرَ فَسَمِعَ نِدَاءً أَمَا عَلِمْتَ أَنَّ مَنْ أَطَاعَنَا فِيْ رَجَبٍ لَا نَتْرُكُهُ فَرْدًا وَحِيْدًا
Dipun crita`aken, wonten setunggalipun tiyang estri
wonten ing kota Baitul Maqdis.
Panjenenge tiap dinten saking wulan Rojab mahos surat Qulhuwalloohu Ahad kaping 12000 ambalan. Panjenengane wonten ing wulan Rojab ngagem rasukan saking shuf (wulu kambing).
Kacarios, panjenengane gerah, lajeng wasiat dumateng putro jalere menawi pejah supados rasukan shuf kolo wau nderek dipun pendem wonten ing quburanipun.
lajeng ingkang ibu pejah, si putro jaler ngulesi ibunipun kanti pakaian ingkang mahal. Ndalunipun si putro kolo wau ngimpi kepanggih ingkang ibu Ingkang ibu ngendiko: Putraku, aku ora ridho marang sliramu, jalaran sliramu ora ngleksanaake wasiatku.
Ingkang putro nglilir kanthi kaget sanget, tumuli enggal-enggal mendet rasukan shuf milik ibunipun bade dipun lebetaken wonten ing quburanipun ingkang ibu. Ananging naliko si putro kolo wau nduduk quburan ibunipun, deweke mboten manggihi jasadipun ingkang ibu.
Ingkang putro bingung sanget, selajeng wonten suoro undang-undang:
Opo sliramu ora ngerti, saktemene sopo wongkang to’at marang ingsun ingdalem wulan Rojab, mongko ingsun ora nianggalake wong mau dewekan ingdalem quburane.
Bersambung, Insya Allah

Tidak ada komentar:
Posting Komentar