Senin, 27 April 2015

FADHILAH WULAN ROJAB 3


Kasebat wonten ing kitab Durratunnashin, karanganipun Syeikh Khaubawi, halaman 43-44

حُكِيَ عَنْ ثَوْبَانَ أَنَّهُ قَالَ :
dipun critaaken saking shohabat Tsauban, panjenengane ngendiko:

كُنَّا مَعَ النَّبِيِّ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ فَمَرَرْنَا بِمَقْبَرَةٍ فَوَقَفَ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ فَبَكَى بُكَاءً شَدِيْدًا ثُمَّ دَعَا اللهَ فَقُلْتُ لَهُ : لِمَ بَكَيْتَ يَا رَسُوْلَ اللهِ

ingsun kabeh bareng karo Kanjeng Nabi shallallaahu ‘alaihi wasallam. Ingsun kabeh ngliwati suwijing quburan, ing ngriku Kanjeng Nabi shallalllaahu ‘alaihi wasallam jumeneng, Kanjeng Nabi  muwun ingkang sanget, lajeng Kanjeng Nabi  berdo’a dumateng Gusti Allah.
Ingsun matur dumateng Kanjeng Nabi:
Wonten punopo panjengan muwun wahai Rasululloh
?

قَالَ : يَا ثَوْبَانُ هَؤُلَاءِ يُعَذَّبُوْنَ فِيْ قُبُوْرِهِمْ وَدَعَوْتُ لَهُمْ فَخَفَّفَ اللهُ عَنْهُمُ الْعَذَابَ

Kanjeng Nabi ngendiko: Wahai Tsauban, wong-wong iku disikso ingdalem quburane. Ingsun berdoa kanggo wong-wong mau, tumuli Gusti Allah ngentengake sikso saking wong-wong mau

ثُمَّ قَالَ النَّبِيُّ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ لَوْ صَامَ هَؤُلَاءِ يَوْمًا مِنْ رَجَبَ وَمَا نَامُوْا مِنْهُ لَيْلَةً مَا عُذِّبُوْا فِيْ قُبُوْرِهِمْ

Lajeng Kanjeng Nabi shallallaahu ‘alaihi wasallam ngendiko: Lamun wong-wong mau puoso sedino saking wulan Rojab lan ora turu sewengi saking wulan Rojab mongko wong-wong mau ora disikso ingdalem quburane

فَقُلْتُ يَا رَسُوْلَ اللهِ أَصَوْمُ يَوْمٍ وَقِيَامُ لَيْلَةٍ مِنْهُ يَمْنَعُ عَذَابَ الْقَبْرِ

Ingsun matur : Wahai Rasululloh, punopo siyam sedinten saking wulan Rojab lan jumeneng setunggal ndalu saking wulan Rojab saged nyegah sikso qubur?

قَالَ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ  يَا ثَوْبَانُ وَالَّذِيْ بَعَثَنِيْ بِالْحَقِّ نَبِيًّا مَا مِنْ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ يَصُوْمُ يَوْمًا وَيَقُوْمُ لَيْلَةً مِنْ رَجَبَ يُرِيْدُ بِهِمَا وَجْهَ اللهِ إِلَّا كَتَبَ اللهُ لَهُ عِبَادَةَ سَنَةٍ صَامَ نَهَارَهَا وَقَامَ لَيَالِيَهَا
 
Kanjeng Nabi ngendiko: Wahabi Tsauban, demi Dzat Ingkang ngutus ingsun dadi nabi kelawan haq, ora ono wong Islam lanang lan wong Islam wadon puoso sedino qiyamullail sewengi saking wulan Rojab kanti ikhlas anging nulis sopo Gusti Allah kanggo wong iku ibadah setahun awane kanggo puoso mbengine kanggo qiyamullail




Wonten ing kitab Kanzunnajah Wassurur,karanganipun syeikh Abdul Hamid, halaman 139:

قَالَ وَهْبُ بْنُ مُنَبِّهٍ رَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْهُ

Imam Wahab bin Munabbih radhiyallaahu ‘anhu ngendiko:

قَرَأْتُ فِيْ كُتُبِ اللهِ الْمُنْزَلَةِ أَنَّ مَنْ اسْتَغْفَرَ اللهَ فِيْ رَجَبٍ بِالْغَدَاةِ وَالْعَشِيِّ يَرْفَعُ يَدَيْهِ وَيَقُوْلُ: اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِيْ وَارْحَمْنِيْ وَتُبْ عَلَيَّ (سَبْعِيْنَ مَرَّةً) لَمْ تَمَسَّ النَّارُ لَهُ جِلْدًا.

Aku moco ingdalem kitab kang diturunake dening Gusti Allah:
Sopo wonge nyuwun ngapuro marang Gusti Allah ingdalem wulan Rojab, isuk lan sore, deweke do’a kanthi ngangkat tangan lorone:

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِيْ وَارْحَمْنِيْ وَتُبْ عَلَيَّ

Ya Allah, mugi Panjenengan ngapunten dumateng kawulo, mugi Panjenengan maringi rohmat dumateng kawulo, lan mugi Panjenengan nampi tobat kawulo
Mocone kaping 70 ambalan

Mongko kulite ora bakal kagepok geni neroko



Kasebat wonten ing kitab Nuz_hatul Majalis, karanganipun Syeikh Shofuri,
   juz 1 halaman 156


مَرَّ عِيْسَى عَلَيْهِ السَّلَامُ عَلَى جَبَلٍ يَتَلَأْلَأُ نُوْرًا

(kacarito) Nabi Isa ‘alaihissalaam ngliwati suwijining gunung ingkang mancarake nur (cahaya)

فَقَالَ يَا رَبِّ أَنْطِقْ لِيْ هَذَا الْجَبَلَ
Nabi Isa berdoa; Duh Gusti, mugi Panejengan ndadosaken gunung meniko saged ngomong kalih kulo

فَقَالَ يَا رُوْحَ اللهِ مَا الَّذِيْ تُرِيْدُ 

Lajeng gunung matur:
Wahai Nabi Isa, perkawis menopo ingkang panjenengan pikajengaken?

قَالَ أَخْبِرْنِيْ بِخَبَرِكَ 

Nabi Isa
ngendiko:
Wahai gunung, coba critakno khabare sliramu


قَالَ فِيْ جَوْفِيْ رَجُلٌ
Gunung
matur:
Ing nglebet kulo wonten setunggaqlipun tiyang jaler


قَالَ عِيْسَى يَا رَبِّ أَخْرِجْهُ
Selajeng Nabi Isa berdoa:
Duh Gusti, Mugi Panjenengan dalaken (keluarkan) tiyang jaler ingkang wonten ing gunung meniko


 فَانْفَلَقَ الْجَبَلُ عَنْ شَيْخٍ حَسَنِ الْوَجْهِ

Lajeng gunung kasebat sigar ing ngriku muncul setunggalipun syeikh ingkang elok wajahipun

وَقَالَ
: عِيْسَى أَنَا مِنْ قَوْمِ مُوْسَى سَأَلْتُ اللهَ الْحَيَاةَ إِلَى زَمَنِ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لِأَكُوْنَ مِنْ أُمَّتِهِ وَلِيْ سِتُّمِائَةِ عَامٍ أَعْبُدُ اللهَ تَعَالَى فِيْ هَذَا الْجَبَلِ

Syeikh wau matur:
Wahai Nabi Isa, kulo meniko termasuk qoumipun Nabi Musa. Kulo nyuwun dumateng Gusti Allah supados saged gesang ngantos wonten ing zamanipun Nabi Muhammad shallallaahu ‘alaihio wasallam supados kulo kagolong umatipun Nabi muhammad.
Kulo sampun 600 tahun ibadah dumateng Gusti Allah wonten ing saklebetipun gunung meniko

فَقَالَ عِيْسَى يَا رَبِّ هَلْ عَلَى وَجْهِ الْأَرْضِ أَكْرَمُ عَلَيْكَ مِنْ هَذَا

lajeng Nabi Isa matur dumateng Gusti Allah :
" Duh Gusti, punopo ing sak nginggilipun bumi meniko wonten tiyang ingkang langkung mulyo wonten ing ngarso Panjenengan katimbang syeikh meniko”

فَقَالَ يَا عِيْسَى مَنْ صَامَ مِنْ أُمَّةِ مُحَمَّدٍ يَوْمًا مِنْ رَجَبَ فَهُوَ أَكْرَمُ عَلَيَّ مِنْ هَذَا

Gusti Allah dawuh:
: "Wahai Isa, sopo bae saking umate Nabi Muhammad ingkang puoso sedino saking wulan Rojab, mongko wong mau luwih muylo ono ing ngarso Ingsun katimbang syeikh iki”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar