Minggu, 26 April 2015

FADHILAH WULAN ROJAB 2




Kasebat wonten ing kitab Durratunnashihin halaman 43-44, karanganipun syeikh Khaubawi:

حُكِيَ عَنْ ثَوْبَانَ أَنَّهُ قَالَ :
dipun critaaken saking shohabat Tsauban, panjenengane ngendiko

كُنَّا مَعَ النَّبِيِّ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ فَمَرَرْنَا بِمَقْبَرَةٍ فَوَقَفَ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ فَبَكَى بُكَاءً شَدِيْدًا ثُمَّ دَعَا اللهَ فَقُلْتُ لَهُ : لِمَ بَكَيْتَ يَا رَسُوْلَ اللهِ


ingsun kabeh barebg karo kanjeng Nabi shallallaahu ‘alaihi wasallam. Ingsun kabeh ngliwati suwijing quburan, tumuli Kanjeng Nabi shallalllaahu ‘alaihi wasallam jumeneng, Kanjeng Nabi  muwun ingkang sanget, lajeng Kanjeng Nabi  do’a dumateng Gusti Allah
Ingsun matur dumateng Kanjeng Nabi:
Wonten punopo panjengan muwu n wahai Rasululloh

قَالَ : يَا ثَوْبَانُ هَؤُلَاءِ يُعَذَّبُوْنَ فِيْ قُبُوْرِهِمْ وَدَعَوْتُ لَهُمْ فَخَفَّفَ اللهُ عَنْهُمُ الْعَذَابَ

Kanjeng Nabi ngendiko: Wahai Tsauban, wong-wong iku disikso ingdalem quburane. Ingsun doa kanggo wong-wong mau, tumuli Gusti Allah ngentengake sikso saking wong-wong mau

ثُمَّ قَالَ النَّبِيُّ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ لَوْ صَامَ هَؤُلَاءِ يَوْمًا مِنْ رَجَبَ وَمَا نَامُوْا مِنْهُ لَيْلَةً مَا عُذِّبُوْا فِيْ قُبُوْرِهِمْ

Tumuli Kanjeng Nabi shallallaahu ‘alaihi wasallam ngendiko: Lamun wong-wong mau puoso sedino sakin g wulan Rojab lan ora turu sewengi saking wulan Rojab mongko wong-wong mau ora disikso ingdalem quburane

فَقُلْتُ يَا رَسُوْلَ اللهِ أَصَوْمُ يَوْمٍ وَقِيَامُ لَيْلَةٍ مِنْهُ يَمْنَعُ عَذَابَ الْقَبْرِ

Ingsun matur : Wahai Rasululloh, punopo siyam sedinten saking wulan Rojab lan jumeneng setunggal wengi saking wulan Rojab saged nyegah sikso qubur

قَالَ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ  يَا ثَوْبَانُ وَالَّذِيْ بَعَثَنِيْ بِالْحَقِّ نَبِيًّا مَا مِنْ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ يَصُوْمُ يَوْمًا وَيَقُوْمُ لَيْلَةً مِنْ رَجَبَ يُرِيْدُ بِهِمَا وَجْهَ اللهِ إِلَّا كَتَبَ اللهُ لَهُ عِبَادَةَ سَنَةٍ صَامَ نَهَارَهَا وَقَامَ لَيَالِيَهَا
 
Kanjeng Nabi ngendiko: Wahabi Tsauban, demi dzat Ingkang ngutus ingsun dadi nabi kelawan haq, ora ono wong islam lanang lan wong islam wadon puoso sedino qiyamullail sewengi saking wulan Rojab kanti ikhlas anging nulis sopo Gusti Allah kanggo wong iku ibadah setahun awane kanggo puoso mbengine kanggo qiyamullail


Kasebat wonten ing Kitab Mukasyafatul Qulub halaman 255, karanganipun Imam Ghozali:

وَحُكِيَ أَنَّ امْرَأَةً فِيْ بَيْتِ الْمَقْدِسِ كَانَتْ تَقْرَأُ كُلَّ يَوْمٍ مِنْ رَجَبٍ قُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ اِثْنَتَيْ عَشْرَةَ أَلْفَ مَرَّةٍ وَكَانَتْ تَلْبَسُ الصُّوْفَ فِيْ شَهْرِ رَجَبٍ فَمَرِضَتْ وَأَوْصَتْ اِبْنَهَا أَنْ يَدْفِنَ مَعَهَا صُوْفَهَا فَلَمَّا مَاتَتْ كَفَّنَهَا فِيْ ثِيَابٍ مُرْتَفِعَةٍ فَرَآهَا فِيْ مَنَامِهِ تَقُوْلُ لَهُ أَنَا عَنْكَ غَيْرُ رَاضِيَةٍ لِأَنَّكَ لَمْ تَعْمَلْ بِوَصِيَّتِيْ فَانْتَبَهَ فَزِعًا وَأَخَذَ صُوْفَهَا لِيَدْفِنَهُ مَعَهَا فَنَبَشَ قَبْرَهَا فَلَمْ يَجِدْهَا فِيْهِ فَتَحَيَّرَ فَسَمِعَ نِدَاءً أَمَا عَلِمْتَ أَنَّ مَنْ أَطَاعَنَا فِيْ رَجَبٍ لَا نَتْرُكُهُ فَرْدًا وَحِيْدًا

Dipun crita`aken, wonten setunggalipun tiyang estri wonten ing kota Baitul Maqdis.
Panjenenge tiap dinten saking wulan Rojab mahos surat Qulhuwalloohu Ahad kaping 12000 ambalan. Panjenengane wonten ing wulan Rojab ngagem rasukan saking shuf (wulu kambing).

Kacarios, panjenengane gerah, lajeng wasiat dumateng putro jalere menawi pejah supados rasukan shuf kolo wau nderek dipun pendem wonten ing quburanipun.
lajeng ingkang ibu pejah,  si putro jaler ngulesi ibunipun kanti pakaian ingkang mahal. Ndalunipun si putro kolo wau ngimpi kepanggih ingkang ibu Ingkang ibu ngendiko: Putraku, aku ora ridho marang sliramu, jalaran sliramu ora ngleksanaake wasiatku.

Ingkang putro nglilir kanthi kaget sanget, tumuli enggal-enggal mendet rasukan shuf milik ibunipun bade dipun lebetaken wonten ing quburanipun ingkang ibu. Ananging naliko si putro kolo wau nduduk quburan ibunipun, deweke mboten manggihi jasadipun ingkang ibu.

Ingkang putro bingung sanget, selajeng wonten suoro undang-undang:
Opo sliramu ora ngerti, saktemene sopo wongkang to’at marang ingsun ingdalem wulan Rojab, mongko ingsun ora ninggalake wong mau dewekan ingdalem quburane.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar