FADHILAH WULAN ROJAB
(1)
Syeikh Abdul Hamid ngendiko ingdalem Kitab Kanzunnajaah halaman 39:
اِعْلَمْ
أَنَّ رَجَبًا شَهْرٌ فَضِيْلٌ، وَالْعِبَادَةُ فِيْهِ لَهَا أَجْرٌ جَلِيْلٌ،
خُصُوْصًا اَلصَّوْمَ فِيْهِ وَالْاِسْتِغْفَارَ، وَالتَّوْبَةَ مِنَ الْأَوْزَارِ
Weruho siro, saktemene Rojab iku wulan ingkang mulyo.
Ibadah ingdalem wulan Rojab bakal merkoleh ganjaran ingkang agung, khususe puoso,
istighfar lan taubat saking keluputan lan kesalahan.
Kasebat ingdalem Kitab Nuzhatul Majalis halaman juz 1 halaman 177-180, karanganipun
Syeikh Abdurrohman Shofuri :
وَرَأَيْتُ فِيْ كِتَابِ الْبَرَكَةِ عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ أَوَّلَ خَمِيْسٍ مِنْ رَجَبَ كَانَ حَقًّا عَلَى اللهِ أَنْ يُدْخِلَهُ الْجَنَّةَ.
Aku ningali ingdalem Kitab AL BAROKAH, diriwayatake
saking Kanjeng Nabi shallallaahu ‘alaihi wasallam, panjenengane ngendiko:
“Sopo wonge nglakoni puoso ingdalem dino Kemis pertama saking wulan Rojab maka haq ingatase Gusti Alloh yento arep nglebo`ake ing wong iku ingdalem suwargo”
“Sopo wonge nglakoni puoso ingdalem dino Kemis pertama saking wulan Rojab maka haq ingatase Gusti Alloh yento arep nglebo`ake ing wong iku ingdalem suwargo”
عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَلَا إِنَّ رَجَبَ شَهْرُ اللهِ وَشَعْبَانَ شَهْرِيْ وَرَمَضَانَ شَهْرُ أُمَّتِيْ فَمَنْ صَامَ يَوْمًا مِنْ رَجَبَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا اِسْتَوْجَبَ رِضْوَانَ اللهِ الْأَكْبَرَ وَأُسْكِنَ الْفِرْدَوْسَ الْأَعْلَى
Kacritaake saking Kanjeng Nabi shallallaahu ‘alaihi wasallam:
Eling- eling, saktemene Rojab iku wulane Gusti Alloh. Sya’ban iku wulanku, Romadhon iku wulane umatku.
Sopo wonge nglakoni puoso ingdalem sedino saking wulan Rojab kanthi iman lan murih ganjaran akhirat, mongko wong mau bakal ngehaqi karidhonane Gusti Allah ingkang agung lan bakal dipanggonake ingdalem suwargo Firdaus ingkang luhur”.
وَعَنِ ابْنِ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا
عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ قَالَ فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ
وَرَمَضَانَ فِيْمَا بَيْنَ الظُّهْرِ وَالْعَصْرِ أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ
الَّذِيْ لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ تَوْبَةَ
عَبْدٍ ظَالِمٍ لَا يَمْلِكُ لِنَفْسِهِ ضَرًّا وَلَا نَفْعًا وَلَا مَوْتًا وَلَا
حَيَاةً وَلَا نُشُوْرًا أَوْحَى اللهُ تَعَالَى إِلَى الْمَلَكَيْنِ أَحْرِقُوْا
كِتَابَ سَيِّئَاتِهِ مِنْ دِيْوَانِ صَحِيْفَتِهِ
Kacritaake saking shohabat Ibnu Abbas rodhiyalloohu
‘anhumaa, saking Kanjeng Nabi shaollallooh ‘alaihi wasallam:
Sopo wonge ingdalem wulan Rojab, Sya’ban lan Romadhon moco:
Sopo wonge ingdalem wulan Rojab, Sya’ban lan Romadhon moco:
أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ الَّذِيْ لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ تَوْبَةَ عَبْدٍ ظَالِمٍ لَا يَمْلِكُ لِنَفْسِهِ ضَرًّا وَلَا نَفْعًا وَلَا مَوْتًا وَلَا حَيَاةً وَلَا نُشُوْرًا
kulo nyuwun pengapunten dumateng gusti alloh, dzat ingkang mboten wonten pengeran kecuali panjenenganipun, dzat ingkang gesang, dzat ingkang jumeneng, ugi kulo tobat dumateng gusti alloh kanti tobatipun kawulo ingkang kangge awakipun piyambak mboten saged mlarati, mboten saged manfa’ati, mboten saged mejahi, mboten saged nggesangake soho mboten saged nange`aken saking qubur
Mongko Gusti Alloh paring wahyu marang Malaikat loro
(Raqib lan Atid) supoyo ngobong buku catetan olone wong mau
Kasebat wonten ing Kitab Mukasyafatul Qulub halaman
255, karanganipun Imam Ghozali:
وَحُكِيَ أَنَّ امْرَأَةً فِيْ بَيْتِ الْمَقْدِسِ كَانَتْ تَقْرَأُ كُلَّ يَوْمٍ مِنْ رَجَبٍ قُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ اِثْنَتَيْ عَشْرَةَ أَلْفَ مَرَّةٍ وَكَانَتْ تَلْبَسُ الصُّوْفَ فِيْ شَهْرِ رَجَبٍ فَمَرِضَتْ وَأَوْصَتْ اِبْنَهَا أَنْ يَدْفِنَ مَعَهَا صُوْفَهَا فَلَمَّا مَاتَتْ كَفَّنَهَا فِيْ ثِيَابٍ مُرْتَفِعَةٍ فَرَآهَا فِيْ مَنَامِهِ تَقُوْلُ لَهُ أَنَا عَنْكَ غَيْرُ رَاضِيَةٍ لِأَنَّكَ لَمْ تَعْمَلْ بِوَصِيَّتِيْ فَانْتَبَهَ فَزِعًا وَأَخَذَ صُوْفَهَا لِيَدْفِنَهُ مَعَهَا فَنَبَشَ قَبْرَهَا فَلَمْ يَجِدْهَا فِيْهِ فَتَحَيَّرَ فَسَمِعَ نِدَاءً أَمَا عَلِمْتَ أَنَّ مَنْ أَطَاعَنَا فِيْ رَجَبٍ لَا نَتْرُكُهُ فَرْدًا وَحِيْدًا
Dipun
crita`aken, wonten setunggalipun tiyang estri wonten ing kota Baitul Maqdis.
Panjenenge tiap dinten saking wulan Rojab mahos surat Qulhuwalloohu Ahad kaping 12000 ambalan. Panjenengane wonten ing wulan Rojab ngagem rasukan saking shuf (wulu kambing).
Kacarios, panjenengane gerah, lajeng wasiat dumateng putro jalere menawi pejah supados rasukan shuf kolo wau nderek dipun pendem wonten ing quburanipun.
Lajeng ingkang ibu pejah, si putro jaler ngulesi ibunipun kanti rasukan ingkang mahal. Ndalunipun si putro kolo wau ngimpi kepanggih ingkang ibu. Panjenenganipun ngendiko: “Putraku, aku ora ridho marang sliramu, jalaran sliramu ora ngleksanaake wasiatku.”
Ingkang putro nglilir kanthi kaget sanget, tumuli enggal-enggal mendet rasukan shuf milik ibunipun bade dipun lebetaken wonten ing quburanipun ingkang ibu. Ananging naliko si putro kolo wau nduduk quburan ibunipun, deweke mboten manggihi jasadipun ingkang ibu.
Ingkang putro bingung sanget, selajeng wonten suoro undang-undang:
Opo sliramu ora ngerti, saktemene sopo wongkang to’at marang ingsun ingdalem wulan Rojab, mongko ingsun ora ninggalake wong mau dewekan ingdalem quburane.
Bersambung, Insya Allah

Tidak ada komentar:
Posting Komentar