Senin, 11 Mei 2015

Kisah Isro` Mi’roj

ISRO`
Isro` puniko saking kata:
سَرَى يَسْرِيْ سِرَايَةً  = mlaku ingdalem wektu bengi
أَسْرَى يُسْرِيْ إِسْرَاءً  = nglako`ake ingdalem wektu bengi


MI’ROJ

Asal Kata
 عَرَجَ يَعْرُجُ عُرُوْجًا   = munggah
اَلْمِعْرَاجُ 
 isim alat = alat kanggo munggah

Wonten ing Kitab Lisanul Arab juz 2 halaman 320:

وَالْمِعْرَاجُ شِبْهُ سُلَّمٍ أَوْ دَرَجَةٍ تَعْرُجُ عَلَيْهِ الْأَرْوَاحُ إِذَا قُبِضَتْ يُقَالُ لَيْسَ شَيْءٌ أَحْسَنَ مِنْهُ إِذَا رَآهُ الرُّوْحُ لَمْ يَتَمَالَكْ أَنْ يَخْرُجَ


Mi’roj iku koyodene ondo utowo panjatan ingkang kanggo manjat roh-roh naliko kapundut.
Dingendikaake, ora ono suwiji-wiji ingkang luwih bagus tinimbang mi’roj (ondo) kasebut.
Naliko roh ningali mi’roj kasebut deweke ora pingin metu maneh (saking mi’roj kasebut)



Kapan terjadinipun Isro’  Mi’raj puniko?

Poro Ulama nerangaken bilih terjadinipun isro mi’roj meniko dumawah wonten ing tanggal 27 Rojab tahun 360 Masehi.

Al Hafidh Ibnu Katsier ngendiko wonten ing kitab Al Bidayah Wannihayah juz 3 halaman 135:

وَقَدْ أَوْرَدَ حَدِيْثًا لَا يَصِحُّ سَنَدُهُ أَنَّ الْإِسْرَاءَ كَانَ لَيْلَةَ السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ رَجَبَ 

Al Hafizh Abdul Ghoni neka`ake hadits ingkang sanade ora shahih, saktemene Isro’ iku ingdalem wengi kaping 27 saking sasi Rojab.


Sebab Musabab Terjadinipun Isro’ Mi’roj

Wonten ing Kitab Nuruzhzholaam, karanganipun Syeikh Nawawi Banten halaman 42:
وَأَمَّا سَبَبُ الْمِعْرَاجِ فَهُوَ أَنَّ الْأَرْضَ اِفْتَخَرَتْ عَلَى السَّمَاءِ، فَقَالَتِ الْأَرْضُ : أَنَا خَيْرٌ مِنْكِ لِأَنَّ اللهَ تَعَالَى زَيَّنَنِيْ بِالْبِلَادِ وَالْبِحَارِ وَالْأَنْهَارِ وَالْأَشْجَارِ وَالْجِبَالِ وَغَيْرِهَا.
Utawi sebab musababe Mi’roj, yoiku bumi onjo-onjonan karo langit.
Bumi ngomong: “hai langit, aku luwih bagus tinimbang sliramu. Kerono gusti
Alloh maes-maesi ingsun kelawan piro-piro  negoro, segoro, bengawan, wit-witan, gunung lan liyo-liyane”.



2

فَقَالَتِ السَّمَاءُ: أَنَا خَيْرٌ مِنْكِ لِأَنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالْكَوَاكِبَ وَالْأَفْلَاكَ  وَالْبُرُوْجَ وَالْعَرْشَ وَالْكُرْسِيَّ وَالْجَنَّةَ فِيَّ

Langit mangsuli: “Yo luwih bagus aku. Kerono srengenge, rembulan, lintang, dalane lintang, kumpulane lintang nanggonku’.

 وَقَالَتِ الْأَرْضُ فِيَّ بَيْتٌ يَزُوْرُهُ وَيَطُوْفُ بِهِ الْأَنْبِيَاءُ وَالْمُرْسَلُوْنَ وَالْأَوْلِيَاءُ وَالْمُؤْمِنُوْنَ عَامَّةً

Bumi ngomong maneh: “Yo luwih apik aku. Nanggonku ono BAITULLOH  ingkang diziyarahi lan diubengi dening poro Nabi, poro Rosul, poro wali lan wong-wong mukmin”.

وَقَالَتِ السَّمَاءُ: فِيَّ الْبَيْتُ الْمَعْمُوْرُ يَطُوْفُ بِهِ مَلَائِكَةُ السَّمَوَاتِ وَفِيَّ الْجَنَّةُ الَّتِيْ هِيَ مَأْوَى أَرْوَاحِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَأَرْوَاحِ الْأَوْلِيَاءِ وَالصَّالِحِيْنَ.

Langit mangsuli: “Nanggonku ono Baitul Makmur ingkang diubengi dening poro Malaikat langit. Nanggonku ono suwargo ingkang merupakan panggonan netepe roh-roh poro Nabi, poro Rosul, poro Auliya lan sholihin”.

وَقَالَتِ الْأَرْضُ: إِنَّ سَيِّدَ الْمُرْسَلِيْنَ وَخَاتَمَ النَّبِيِّيْنَ وَحَبِيْبَ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَأَفْضَلَ الْمَوْجُوْدَاتِ عَلَيْهِ أَكْمَلُ التَّحِيَّاتِ وَطَنَ فِيَّ وَأَجْرَى شَرِيْعَتَهُ عَلَيَّ.

Bumi ngucap maneh: “Ngertio saktemene gustine poro Rosul, Pungkasane poro Nabi, kekasihe Pengeran alam kabeh lan luwih afdhole kabeh ingkang maujud iku manggon nanggonku, panjenengane ninda`ake syari’at nang nduwurku”.


فَلَمَّا سَمِعَتِ السَّمَاءُ هَذَا عَجَزَتْ عَنِ الْجَوَابِ وَتَوَجَّهَتْ إِلَى اللهِ تَعَالَى فَقَالَتْ:إِلَهِيْ أَنْتَ تُجِيْبُ الْمُضْطَرَّ إِذَا دَعَاكَ وَأَنَا عَجَزْتُ عَنْ جَوَابِ الْأَرْضِ فَأَسْأَلُكَ أَنْ يَصْعَدَ مُحَمَّدٌ  إِلَيَّ فَأَتَشَرَّفَ بِهِ كَمَا تَشَرَّفَتِ الْأَرْضِ بِجَمَالِه وَافْتَخَرَتْ
 

Barang wis krungu ucapane bumi kasebut, langit ora biso jawab.

Langit ngadep ono ing ngarsane Gusti Allah, matur langit: “Gusti, Panjenengan nyembadani tiyang ingkang sanget kabetah naliko tiyang kasebat nyuwun dumateng Panjenengan. Lha niki dalem boten saged jawab ucapane bumi. Pramilo dalem nyuwun supados nabi Muhammad Panjenengan inggahaken dateng dalem sahinggo dalem dados mulyo kados dene bumi dados mulyo jalaran keindahanipun nabi Muhammad”.

فَأَجَابَ دَعْوَتَهَا وَأَوْحَى اللهُ تَعَالَى  إِلَى جِبْرِيْلَ فَقَالَ اِذْهَبْ إِلَى الْجَنَّةَ وَخُذِ الْبُرَاقَ وَاذْهَبْ إِلَى مُحَمَّدٍ

Gusti Allah lajeng nyembadani penyuwunane langit. Gusti Allah paring wahyu dumateng malaikat Jibril supados sowan dumateng Nabi Muhammad lan supados mbekto buroq

فَذَهَبَ جِبْرِيْلُ وَرَأَى أَرْبَعِيْنَ أَلْفَ بُرَاقٍ يَرْتَعُوْنَ فِيْ رِيَاضِ الْجَنَّةِ وَعَلَى جَبْهَتِهِمْ اِسْمُ مُحَمَّدٍ وَرَأَى فِيْهِمْ بُرَاقًا مُنَكِّسًا رَأْسَهُ يَبْكِيْ وَتَسِيْلُ مِنْ عَيْنَيْهِ الدُّمُوْعُ فَقَالَ جِبْرِيْلُ مَا لَكَ يَا بُرَاقُ ؟








3


Lajeng Malaikat Jibril bidal. Panjengane mirsani 40 ewu buroq lagi daharan ono ing pertamanan suwargo. Ono ing batuke buroq-buroq kasebut ono tulisan asmo Muhammad.

Malaikat Jibril pirso ono siji buroq ingkang ndingkluk, nangis lan dleweran luh.
Malaikat
Jibril ndangu marang buroq: “Nang  opo buroq?.


قَالَ يَا جِبْرِيْلُ إِنِّيْ سَمِعْتُ مُنْذُ أَرْبَعِيْنَ أَلْفَ سَنَةٍ اِسْمَ مُحَمَّدٍ فَوَقَعَ فِيْ قَلْبِيْ مَحَبَّةُ صَاحِبِ هَذَا الْاِسْمِ وَعَشِقْتُهُ وَبَعْدَ ذَلِكَ لَمْ اَحْتَجْ إِلَى طَعَامٍ وَلَا شَرَابٍ وَاحْتَرَقْتُ بِنَارِ الْعِشْقِ

 Buroq matur: Duh Malaikat Jibril, kulo sampun 40 ewu tahun kulo pireng asmo Muhammad. Ati kulo remen sanget dumateng tiyang ingkang nggadahi asmo meniko. Kulo bronto, pramilo kulo mboten nedi, mboten ngunjuk. Kulo kebakar geninipun bronto”.

فَقَالَ جِبْرِيْلُ أَنَا أَوْصَلْتُكَ بِمَعْشُوْقِكَ ثُمَّ أَسْرَجَهُ وَأَلْجَمَهُ وَجَاءَ بِهِ إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِلَى آخِرِ الْقِصَّةِ الْمَذْكُوْرَةِ
 
Malaikat Jibril ngendiko: “Wahai Buroq, ingsun arep neka`ake sliramu marang wong ingkang siro brontoni.
Tumuli Malaikat Jibril masang kendali lan lapak marang buroq, lan disowanake marang kanjeng Nabi Muhammad shallallaahu ‘alaihi wasallam
Bottom of Form

Gusti Allah dawuh wonten ing Al Quran surart Al Isro’ ayat 1

سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

Maha suci Allah ingkang sampun nglampahaken hambanipun wonteng ing wekdal dalu, saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso ingkang ingsun berkahi kiwo tengene, sa’perlu ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan Maha Mengetahui“

Wonten ing kitab Shohih Muslim juz 1 halaman 385

حَدَّثَنَا شَيْبَانُ بْنُ فَرُّوخَ حَدَّثَنَا حَمَّادُ بْنُ سَلَمَةَ حَدَّثَنَا ثَابِتٌ الْبُنَانِيُّ عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ
أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ أُتِيتُ بِالْبُرَاقِ وَهُوَ دَابَّةٌ أَبْيَضُ طَوِيلٌ فَوْقَ الْحِمَارِ وَدُونَ الْبَغْلِ يَضَعُ حَافِرَهُ عِنْدَ مُنْتَهَى طَرْفِهِ قَالَ فَرَكِبْتُهُ حَتَّى أَتَيْتُ بَيْتَ الْمَقْدِسِ قَالَ فَرَبَطْتُهُ بِالْحَلْقَةِ الَّتِي يَرْبِطُ بِهِ الْأَنْبِيَاءُ قَالَ ثُمَّ دَخَلْتُ الْمَسْجِدَ فَصَلَّيْتُ فِيهِ رَكْعَتَيْنِ ثُمَّ خَرَجْتُ فَجَاءَنِي جِبْرِيلُ عَلَيْهِ السَّلَام بِإِنَاءٍ مِنْ خَمْرٍ وَإِنَاءٍ مِنْ لَبَنٍ فَاخْتَرْتُ اللَّبَنَ فَقَالَ جِبْرِيلُ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اخْتَرْتَ الْفِطْرَةَ

…..saking shohabat Anas bi Malik:
Saktemene Rosululloh shallallaahu ‘alaiho wasallam ngendiko:
Buroq diteka`ake matang ingsun. Buroq iku hewan ingkang wernane putih, ingkang duwur, sak duwure khimar, sak ngisore bighol. Buroq mau nyelehake tracake sak katoge peningale.

Tumuli ingsun nompaki buroq hinggo tekan Baitul Maqdis. Buroq ingsun cancang kelawan tali ingkang poro Nabi nyancang buroq kelawan tali kasebut.

Tumuli ingsun mlebu mesjid. Ingsun sholat rong rokaat. Nuli ingsun metu saking mesjid .

Malaikat Jibril nggowo siji wadah ingkang isi arak, siji wadah maneh isi puwan (susu). Ingsun milih puwan. Malaikat Jibril nuli ngendiko: “Sliramu milih kesucian”



4

ثُمَّ عَرَجَ بِنَا إِلَى السَّمَاءِ فَاسْتَفْتَحَ جِبْرِيلُ فَقِيلَ مَنْ أَنْتَ قَالَ جِبْرِيلُ قِيلَ وَمَنْ مَعَكَ قَالَ مُحَمَّدٌ قِيلَ وَقَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ قَالَ قَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ فَفُتِحَ لَنَا فَإِذَا أَنَا بِآدَمَ فَرَحَّبَ بِي وَدَعَا لِي بِخَيْرٍ

Malaikat Jibril ngejak munggak ingsun marang langit. Malaikat Jibril njaluk supoyo lawang langit dibukak.
Ono sing takon: “Sliramu sopo?”
Malaikat Jibril ngendiko: “Aku Jibril”.
Lha sopo sing bareng karo sliramu”.
“Muhammad” Malaikat jibril ngendiko.
“Opo wong iku diutus?”
“Iyo, deweke diutus” Malaikat Jibril ngendiko.
Ujug-ujug nang ngarepku ono nabi Adam. Nabi Adam nyambut ingsun, lan donga`ake ingsun kelawan bagus”.

.
ثُمَّ عَرَجَ بِنَا إِلَى السَّمَاءِ الثَّانِيَةِ فَاسْتَفْتَحَ جِبْرِيلُ عَلَيْهِ السَّلَام فَقِيلَ مَنْ أَنْتَ قَالَ جِبْرِيلُ قِيلَ وَمَنْ مَعَكَ قَالَ مُحَمَّدٌ قِيلَ وَقَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ قَالَ قَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ فَفُتِحَ لَنَا فَإِذَا أَنَا بِابْنَيْ الْخَالَةِ عِيسَى ابْنِ مَرْيَمَ وَيَحْيَى بْنِ زَكَرِيَّاءَ صَلَوَاتُ اللَّهِ عَلَيْهِمَا فَرَحَّبَا وَدَعَوَا لِي بِخَيْرٍ

Malaikat Jibril ngejak munggak ingsun marang langit kaping pindo. Malaikat Jibril ‘alaihissalaam  njaluk supoyo lawang langit dibukak.
Ono sing takon: “Sliramu sopo?”
Malaikat Jibril ngendiko: “Aku Jibril”.
Lha sopo sing bareng karo sliramu”.
“Muhammad” Malaikat jibril ngendiko.
“Opo wong iku diutus?”
“Iyo, deweke diutus” Malaikat Jibril ngendiko.
Ujug-ujug nang ngarepku ono anak lanang lorone mak cilik (tunggal mak cilik) , yoiku nabi Isa bin Maryam lan  Nabi Yahya bin Nabi Zakariya - sholawaatullaah alaihimaa-  Nabi Isa lan Nabi Yahya  nyambut ingsun, lan donga`ake ingsun kelawan bagus”.



ثُمَّ عَرَجَ بِي إِلَى السَّمَاءِ الثَّالِثَةِ فَاسْتَفْتَحَ جِبْرِيلُ فَقِيلَ مَنْ أَنْتَ قَالَ جِبْرِيلُ قِيلَ وَمَنْ مَعَكَ قَالَ مُحَمَّدٌ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قِيلَ وَقَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ قَالَ قَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ فَفُتِحَ لَنَا فَإِذَا أَنَا بِيُوسُفَ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِذَا هُوَ قَدْ أُعْطِيَ شَطْرَ الْحُسْنِ فَرَحَّبَ وَدَعَا لِي بِخَيْرٍ


Malaikat Jibril ngejak munggak ingsun marang langit kaping telu. Malaikat Jibril ‘alaihissalaam  njaluk supoyo lawang langit dibukak.
Ono sing takon: “Sliramu sopo?”
Malaikat Jibril ngendiko: “Aku Jibril”.
Lha sopo sing bareng karo sliramu”.
“Muhammad” Malaikat jibril ngendiko.
“Opo wong iku diutus?”
“Iyo, deweke diutus” Malaikat Jibril ngendiko.
Ujug-ujug nang ngarepku ono nabi Yusuf, Nabi ingkang diparingi separo kebagusan (kegantengan).  Nabi Yusuf  nyambut ingsun, lan donga`ake ingsun kelawan bagus”.

ثُمَّ عَرَجَ بِنَا إِلَى السَّمَاءِ الرَّابِعَةِ فَاسْتَفْتَحَ جِبْرِيلُ عَلَيْهِ السَّلَام قِيلَ مَنْ هَذَا قَالَ جِبْرِيلُ قِيلَ وَمَنْ مَعَكَ قَالَ مُحَمَّدٌ قَالَ وَقَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ قَالَ قَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ فَفُتِحَ لَنَا فَإِذَا أَنَا بِإِدْرِيسَ فَرَحَّبَ وَدَعَا لِي بِخَيْرٍ قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ { وَرَفَعْنَاهُ مَكَانًا عَلِيًّا }

Malaikat Jibril ngejak munggak ingsun marang langit kaping papat. Malaikat Jibril ‘alaihissalaam  njaluk supoyo lawang langit dibukak.
Ono sing takon: “Sliramu sopo?”
Malaikat Jibril ngendiko: “Aku Jibril”.
Lha sopo sing bareng karo sliramu”.
“Muhammad” Malaikat jibril ngendiko.



5



“Opo wong iku diutus?”
“Iyo, deweke diutus” Malaikat Jibril ngendiko.
Ujug-ujug nang ngarepku ono nabi Idris. Nabi Idris nyambut ingsun, lan donga`ake ingsun kelawan bagus”.
Gusti Allah dawuh: “lan ngangkat Ingsun ing Idris marang panggonan ingkang luhur”


ثُمَّ عَرَجَ بِنَا إِلَى السَّمَاءِ الْخَامِسَةِ فَاسْتَفْتَحَ جِبْرِيلُ قِيلَ مَنْ هَذَا قَالَ جِبْرِيلُ قِيلَ وَمَنْ مَعَكَ قَالَ مُحَمَّدٌ قِيلَ وَقَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ قَالَ قَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ فَفُتِحَ لَنَا فَإِذَا أَنَا بِهَارُونَ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَرَحَّبَ وَدَعَا لِي بِخَيْرٍ


Malaikat Jibril ngejak munggak ingsun marang langit kaping limo. Malaikat Jibril  njaluk supoyo lawang langit dibukak.
Ono sing takon: “Sliramu sopo?”
Malaikat Jibril ngendiko: “Aku Jibril”.
Lha sopo sing bareng karo sliramu”.
“Muhammad” Malaikat jibril ngendiko.
“Opo wong iku diutus?”
“Iyo, deweke diutus” Malaikat Jibril ngendiko.
Ujug-ujug nang ngarepku ono nabi Harun shallallaahu alaihi wasallam. Nabi Harun  nyambut ingsun, lan donga`ake ingsun kelawan bagus”.


ثُمَّ عَرَجَ بِنَا إِلَى السَّمَاءِ السَّادِسَةِ فَاسْتَفْتَحَ جِبْرِيلُ عَلَيْهِ السَّلَام قِيلَ مَنْ هَذَا قَالَ جِبْرِيلُ قِيلَ وَمَنْ مَعَكَ قَالَ مُحَمَّدٌ قِيلَ وَقَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ قَالَ قَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ فَفُتِحَ لَنَا فَإِذَا أَنَا بِمُوسَى صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَرَحَّبَ وَدَعَا لِي بِخَيْرٍ



Malaikat Jibril ngejak munggak ingsun marang langit kaping nenem. Malaikat Jibril ‘alaihissalaam  njaluk supoyo lawang langit dibukak.
Ono sing takon: “Sliramu sopo?”
Malaikat Jibril ngendiko: “Aku Jibril”.
Lha sopo sing bareng karo sliramu”.
“Muhammad” Malaikat jibril ngendiko.
“Opo wong iku diutus?”
“Iyo, deweke diutus” Malaikat Jibril ngendiko.
Ujug-ujug nang ngarepku ono nabi Musa –shallallaahu alaihi wasallam-. Nabi Musa  nyambut ingsun, lan donga`ake ingsun kelawan bagus”.

ثُمَّ عَرَجَ إِلَى السَّمَاءِ السَّابِعَةِ فَاسْتَفْتَحَ جِبْرِيلُ فَقِيلَ مَنْ هَذَا قَالَ جِبْرِيلُ قِيلَ وَمَنْ مَعَكَ قَالَ مُحَمَّدٌ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قِيلَ وَقَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ قَالَ قَدْ بُعِثَ إِلَيْهِ فَفُتِحَ لَنَا فَإِذَا أَنَا بِإِبْرَاهِيمَ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مُسْنِدًا ظَهْرَهُ إِلَى الْبَيْتِ الْمَعْمُورِ وَإِذَا هُوَ يَدْخُلُهُ كُلَّ يَوْمٍ سَبْعُونَ أَلْفَ مَلَكٍ لَا يَعُودُونَ إِلَيْهِ

Malaikat Jibril ngejak munggak ingsun marang langit kaping pitu. Malaikat Jibril ‘alaihissalaam  njaluk supoyo lawang langit dibukak.
Ono sing takon: “Sliramu sopo?”
Malaikat Jibril ngendiko: “Aku Jibril”.
Lha sopo sing bareng karo sliramu”.
“Muhammad” Malaikat jibril ngendiko.
“Opo wong iku diutus?”
“Iyo, deweke diutus” Malaikat Jibril ngendiko.
Ujug-ujug nang ngarepku ono Nabi Ibrohim shallallaahu ‘alaiho wasallam. Panjenengane sendehan marang Baitul Makmur. Tap dino sowan marang penjenengane sopo 70 ewu Malaikat. (sak wise ketemu) Malaikat kasebut ora bali maneh marang Nabi Ibrohim.



6

 ثُمَّ ذَهَبَ بِي إِلَى السِّدْرَةِ الْمُنْتَهَى وَإِذَا وَرَقُهَا كَآذَانِ الْفِيَلَةِ وَإِذَا ثَمَرُهَا كَالْقِلَالِ قَالَ فَلَمَّا غَشِيَهَا مِنْ أَمْرِ اللَّهِ مَا غَشِيَ تَغَيَّرَتْ فَمَا أَحَدٌ مِنْ خَلْقِ اللَّهِ يَسْتَطِيعُ أَنْ يَنْعَتَهَا مِنْ حُسْنِهَا فَأَوْحَى اللَّهُ إِلَيَّ مَا أَوْحَى فَفَرَضَ عَلَيَّ خَمْسِينَ صَلَاةً فِي كُلِّ يَوْمٍ وَلَيْلَةٍ


Tumuli Malakat Jibril anggowo  ingsun marang Sidrotil Muntaha (nama wit-witan) ingkang godonge koyo kuping gajah. Woh-wohane koyo dene kolah (gerabah)
Tumuli wit-witan sidrotil muntaha mau tertutup kelawan perintahe gusti Allah.
Ora ono siji makhluqe Gusti Allah ingkang bisa nyifat keindahan perkoro kasebut.
Tumuli Gusti Allah paring wahyu marang ingsun.
Gusti Allah mewajibkan ingatase ingsun sholat 50 ambalan setiap sedino lan sewengi”.





فَنَزَلْتُ إِلَى مُوسَى صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ مَا فَرَضَ رَبُّكَ عَلَى أُمَّتِكَ قُلْتُ خَمْسِينَ صَلَاةً قَالَ ارْجِعْ إِلَى رَبِّكَ فَاسْأَلْهُ التَّخْفِيفَ فَإِنَّ أُمَّتَكَ لَا يُطِيقُونَ ذَلِكَ فَإِنِّي قَدْ بَلَوْتُ بَنِي إِسْرَائِيلَ وَخَبَرْتُهُمْ قَالَ فَرَجَعْتُ إِلَى رَبِّي فَقُلْتُ يَا رَبِّ خَفِّفْ عَلَى أُمَّتِي فَحَطَّ عَنِّي خَمْسًا فَرَجَعْتُ إِلَى مُوسَى فَقُلْتُ حَطَّ عَنِّي خَمْسًا قَالَ إِنَّ أُمَّتَكَ لَا يُطِيقُونَ ذَلِكَ فَارْجِعْ إِلَى رَبِّكَ فَاسْأَلْهُ التَّخْفِيفَ قَالَ فَلَمْ أَزَلْ أَرْجِعُ بَيْنَ رَبِّي تَبَارَكَ وَتَعَالَى وَبَيْنَ مُوسَى عَلَيْهِ السَّلَام حَتَّى قَالَ يَا مُحَمَّدُ إِنَّهُنَّ خَمْسُ صَلَوَاتٍ كُلَّ يَوْمٍ وَلَيْلَةٍ لِكُلِّ صَلَاةٍ عَشْرٌ فَذَلِكَ خَمْسُونَ صَلَاةً

Tumuli ingsun mudun marang Nabi Musa shallallaahu ‘alaihi wasallam.
Panjenengane  dawuh marang ingsun: “Pengeran majibake opo marang umat penjenengan”
Ingsun matur: “Sholat 50 ambalan”
Nabi Musa dawuh maneh: “Panjenengan kulo aturi kondur dateng  Pengeran. Panjengenan nyuwun keringanan dateng Pengeran. Kerenten ummat Panjenengan boten kiat nglampahi sholat 50 ambalan. Bani Isroil sampun kulo test (inggih mboten kiyat)
Tumuli ingsun bali marang Pengeran. Kulo matur: “Duh Gusti, mugi Panjengan entengaken kangge ummat kawulo, nuli disudo limo.

Ingsun bali maneh marang Nabi Musa. Ingsun matur bilih Pengeran nyudo gangsal.
Nabi Musa dawuh: Saktemene ummat panjenengan mboten kiyat. Kulo aturi panjenengan kondur, nyuwun keringanan malih.

Kanjeng Nabi ngendiko: “Ingsun bolak balik antarane  Pengeran SWT lan antarane nabi Musa sahinggo Pengeran dawuh: “Wahai Muhammad,saktemene sholat iku limang sholatan, setiap sedino lan sewengi. Tiap sholat siji kawilang sholat sepuluh. Jumlahe dadi 50.


: “Wahai Muhammad! Sesungguhnya dia berjumlah lima shalat sehari semalam, setiap satu shalat pahalanya sama dengan sepuluh shalat, maka jumlahnya lima puluh shalat. Maka barangsiapa yang berniat melakukan satu kebajikan tetapi tidak dilakukannya maka ditulis untuknya satu kebajikan dan jika dilakukannya ditulis untuknya sepuluh kebajikan.



7

وَمَنْ هَمَّ بِحَسَنَةٍ فَلَمْ يَعْمَلْهَا كُتِبَتْ لَهُ حَسَنَةً فَإِنْ عَمِلَهَا كُتِبَتْ لَهُ عَشْرًا وَمَنْ هَمَّ بِسَيِّئَةٍ فَلَمْ يَعْمَلْهَا لَمْ تُكْتَبْ شَيْئًا فَإِنْ عَمِلَهَا كُتِبَتْ سَيِّئَةً وَاحِدَةً قَالَ فَنَزَلْتُ حَتَّى انْتَهَيْتُ إِلَى مُوسَى صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَأَخْبَرْتُهُ فَقَالَ ارْجِعْ إِلَى رَبِّكَ فَاسْأَلْهُ التَّخْفِيفَ فَقَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقُلْتُ قَدْ رَجَعْتُ إِلَى رَبِّي حَتَّى اسْتَحْيَيْتُ مِنْه
ُ

Barang siapa yang berniat melakukan kebaikan maka ditulis satu kebaikan. Jika dia kerjakan maka ditulis untuknya sepuluh.

Dan barangsiapa yang berniat melakukan satu dosa namun tidak dilakukannya maka tidak dituliskan (apapun baginya), dan jika dia melakukannya  maka ditulis satu dosa untuknya”.    


Nabi bersabda: “Maka aku turun dan kembali menemui nabi Musa shallallaahu ‘alaihi wasallam, lalu aku  memberitahukan kepadanya (apa yang terjadi). Dia kembali berkata: “Kembalilah dan minta keringanan kepada Tuhan.  Maka Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda: “Aku telah bolak-balik untuk memohon kepadaNya hingga aku malu kepadaNya“.


KEUTAMAAN PUOSO 27 ROJAB


Kasebat wonten ing Kitab Ghun_yah, karanganipun Syeikh ‘Abdul Qodir al-Jailani radhiyallaahu ‘anhu juz 1 halaman 239-240:


(فَصْلٌ فِيْ فَضْلِ صِيَام السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ رَجَبَ )
Fasal ingdalem nerangake kautamaane puoso tanggal 27 Rojab

أَخْبَرَنَا الشَّيْخُ أَبُو الْبَرَكَات هِبَةُ اللهِ السَّقَطِيُّ، قَالَ أَخْبَرَنَا الشَّيْخُ الْحَافظُ أَبُوْ بَكْرٍ أَحْمَدُ بْنُ عَلِيٍّ ثَابِتِ بْنِ الْخَطِيْب ، قَالَ أَخْبَرَنَا عَبْدُ الله بْنُ عَلِيِّ بْنِ مُحَمَّدٍ بَشِيْرٍ ، قَالَ أَخْبَرَنَا عَلِيُّ بْنُ عُمَرَ الْحَافِظِ، أَخْبَرَنَا أَبُوْ بَكْرٍ نَصْرٌ أَبُوْ جَيْشُوْنٍ بْنِ مُوْسَى الْخَلَّالِ ، أَخْبَرَنَا عَلِيُّ بْنُ سَعِيْدٍ اَلدَّيْلَمِيُّ ، أَخْبَرَنَا ضَمْرَةُ بْنُ رَبِيْعَةَ الْقُرَشِيُّ عَنِ بْنِ شَوْذَبٍ عَنْ مَطَرٍ اَلْوَرَّاقِ ، عَنْ شَهْرِ بْنِ حَوْشَبٍ ، عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ، عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ صَامَ يَوْمَ السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ رَجَبَ كُتِبَ لَهُ ثَوَابُ صِيَامِ سِتِّيْنَ شَهْرًا

Saking Shohabat Abu Hurairoh –rodhiyalloohu ‘anhu- saking Kanjeng Nabi shollalloohu ‘alaihi wasallam, beliau ngendiko: Sopo wonge puoso ingdalem tanggal 27 Rojab mongko ditulis kanggo wong iku ganjaran puoso suwidak wulan”







8


وَأَخْبَرَنَا هِبَةُ اللهِ بِإِسْنَادِهِ عَنِ الْحسَنِ الْبَصْرِيِّ رَحِمَهُ اللهُ قَالَ: كَانَ عَبْدُ اللهِ بْنُ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا اِذَا كَانَ يَوْمُ السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ رَجَبَ أَصْبَحَ مُعْتَكِفًا وَظَلَّ مُصَلِّيًا اِلَى وَقْتِ الظُّهْرِ، فَإِذَا صَلَّى الظُّهْرَ تَنَقَّلَ هُنَيْهَةً، ثُمَّ صَلَّى أَرْبَعَ رَكَعَاتٍ يَقْرَأُ فِيْ كُلِّ رَكْعَةٍ اَلْحَمْدُ للهِ مَرَّةً ، وَالْمُعَوِّذَتَيْنِ مَرَّةً، وَإِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ ثَلَاثًا ، وَقُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ خَمْسِيْنَ مَرَّةً ، ثُمَّ يَخْلُدُ اِلَى الدُّعَاءِ اِلَى وَقْتِ الْعَصْرِ وَيَقُوْلُ هَكَذَا كَانَ يَصْنَعُ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فِيْ هَذَا الْيَوْمِ

Ingsun dikhobari dening Syeikh Hibatullooh kelawan sanadipun, saking Imam Hasan Al Bashri –rohimahullooh-, panjenengane ngendiko: Ono sopo shohabat Ibnu Abbas rodhiyalloohu ‘anhumaa tetkolo tanggal 27 Rojab panjenengane isuk-isuk nglakoni i’tikaf  lan sholat sunnah nganti tekan wektu Zhuhur.


Sakwise nglakoni sholat Zhuhur, panjenengane pindah sedelo tumuli nglakoni sholat sunnah patang roka’at.
Tiap sak roka’at, panjenengane moco:
- SURAT AL FATIHAH sepisan
- SURAT AL FALAQ  sepisan
- SURAT ANNAAS sepisan
- SURAT INNAA ANZALNAA kaping 3 (telu)
- SURAT QUL HUWALLOOHU AHAD kaping 50 (seket)


Tumuli panjenengane terus menerus berdo’a nganti wektu Asar.
Panjenengane ngendiko: “Koyo mengkene Rosululloh shollalloohu ‘alaihi wasallam nglakoni ingdalem iki dino (dino kaping 27 saking wulan Rojab).

وَأَخْبَرَنَا هِبَةُ اللهِ بِإِسْنَادِهِ عَنْ أَبِيْ سَلْمَةَ، عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ وَسَلْمَانَ الْفَارِسِيِّ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَا: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِنَّ فِيْ رَجَبَ يَوْمًا وَلَيْلَةً مَنْ صَامَ ذَلِكَ الْيَوْمَ وَقَامَ تِلْكَ اللَّيْلَةَ كَانَ لَهُ مِنَ الْأَجْرِ كَمَنْ صَامَ مِائَةَ سَنَةٍ وَقَامَ لَيَالِيَهَا  وَهِيَ لِثَلَاثَةٍ يَبْقِيْنَ مِنْ رَجَبَ،

Saking shohabat Abu Hurairoh lan Shohabat Salman Al-Farisi –rodhiyalloohu ‘anhumaa’-, panjenengane kekalih ngendiko: Rosululloh shollalloohu ‘alaihi wasallam dawuh: “Saktemene iku ingdalem wulan Rojab ono siji dino lan siji wengi. Sopo wonge poso ingdalem iku dino lan qiyamullail ingdalem iku wengi mongko iku kaduwe wong iku ganjaran koyodene wongkang  puoso satus tahun, lan qiyamullail satus tahun.

Dino lan wengi kasebut iku kaduwe dino telu kang tersisa saking wulan Rojab.



Walloohu A’lam  Bishshowaab



slawatan isrok mikroj

صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ
 2X

وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ بِمَنْ قَدْ وَحَّدَ


naliko malem senin tanggal 27 2X
ono
sasi rojab ingkang sampun masyhur 2X

saking masjidil harom isro’ipun Nabi 2X
dumugi masjidil aqsho isro’ipun Nabi 2X


hasilipun israk mikraj sholat gangsal wekdal  2X
zhuhur asar  maghrib shoho isya’ipin
jangkepipun gangsal subuh naminupun




Tidak ada komentar:

Posting Komentar