Senin, 25 Mei 2015

AMALIYAH MALEM NISHFU SYA’BAN

AMALIYAH MALEM NISHFU SYA’BAN

1.   SHOLAT

 
Imam Ghozali ngendiko ingdalem Kitab Ihya juz 1 halaman 203:

وَأَمَّا صَلَاةُ شَعْبَانَ فَلَيْلَةُ الْخَامِسَ عَشَرَ مِنْهُ يُصَلِّيْ مِائَةَ رَكْعَةٍ كُلُّ رَكْعَتَيْنِ بِتَسْلِيْمَةٍ يَقْرَأُ فِيْ كُلِّ رَكْعَةٍ بَعْدَ الْفَاتِحَةِ قُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ إِحْدَى عَشْرَةَ مَرَّةً

Anapun utawi sholat Sya’ban mongko iku dilakoni malem tanggal 15. Sholat 100 rokaat. Tiap rong rokaat salam. Tiap sak rokaat sakwise Fatihah moco Qulhuwalloohu Ahad ping sewelas

وَإِنْ شَاءَ صَلَّى عَشْرَ رَكَعَاتٍ يَقْرَأُ فِيْ كُلِّ رَكْعَةٍ بَعْدَ الْفَاتِحَةِ مِائَةَ مَرَّةٍ قُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ

Lamun ngersaake  mongko sholat sepuluh rokaat. Tiap-tiap sak rokaat ba’do Fatihah moco Qulhuwalloohu ahad ping satus

رُوِيَ عَنِ الْحَسَنِ أَنَّهُ قَالَ حَدَّثَنِيْ ثَلَاثُوْنَ مِنْ أَصْحَابِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَنَّ مَنْ صَلَّى هَذِهِ الصَّلَاةَ فِيْ هَذِهِ اللَّيْلَةِ نَظَرَ اللهُ إِلَيْهِ سَبْعِيْنَ نَظْرَةً وَقَضَى لَهُ بِكُلِّ نَظْرَةٍ سَبْعِيْنَ حَاجَةً أَدْنَاهَا اَلْمَغْفِرَةُ

Diriwayatake saking Imam Hasan, panjenengane ngendiko:
Nyritaake ingsun sopo telung puluh saking shohabate Kanjeng Nabi shollalloohu ‘alaihi wasallam: “
Saktemene sopo wonge ingkang sholat kelawan iki sholat ingdalem wengi iki mongko Gusti Alloh mirsani marang wong iku kelawan kaping pitung puluh pirsanan, Gusti Alloh nekani marang wong mau kelawan setiap sak pirsanan ing pitung puluh hajat, paling andap yaiku dingapuro”




         2. MOCO SURAT YASIN KAPING TELU & BERDO’A

Syeikh Abdul Hamid ngendiko ngdalem dalam Kitab:
Kanzunnajaah Wassuruur halaman 47-48:

وَكَيْفِيَّتُهُ: تَقْرَأُ أَوَّلًا قَبْلَ ذَلِكَ الدُّعَاءِ بَعْدَ صَلَاةِ الْمَغْرِبِ سُوْرَةَ يَسٍ ثَلَاثًا
 اَلْأُوْلَي : بِنِيَّةِ طُوْلِ الْعُمْرِ . اَلثَّانِية : بِنِيَّةِ دَفْعِ الْبَلَاءِ  اَلثَّالِثَةُ : بِنِيَّةِ الْاِسْتِغْنَاءِ عَنِ النَّاسِ
وَكُلَّمَا تَقْرَأُ السُّوْرَةَ مَرَّةً تَقْرَأُ بَعْدَهَا اَلدُّعَاءَ مَرَّةً

TOTO CARAN MOCO YASIN INGDALEM MALEM NSIHFU SYA’BAN

{Yasin Pertama}      diniyati supoyo diparingi umur panjang

{Yasin Kapindo}       diniyati tolak balak

{Yasin Kaping Telu} diniyati supoyo diparingi biso semugih saking poro menungso (ora nggantungake marang menungso)

Setiap rampung moco SURAT YASIN, diringi kanti moco   do’a NISHFU SYA'BAN 



Dene do’ngane yoiku:

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
 وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَـحْبِهِ وَسَـلَّـمَ
 اَللَّهُمَّ يَا ذَا الْمَنِّ وَلاَ يُمَنُّ عَلَيْهِ يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالْإِكْرَامِ يَا ذَا الطَوْلِ وَالْإِنْعَامِ، لَا إلَهَ اِلَّا اَنْتَ ظَهْرَ اللاَّجِئِيْنَ وَجَارَ الْمُسْتَجِيْرِيْنَ وَمَأْمَنَ الْخَائِفِيْنَ.

Duh Alloh, Duh Dzat ingkang kagungan kanugerahan, lan mboten dipun paringi kanugerahan, Duh Dzat ingkang kagungan sifat agung lan mulyo, Duh Dzat ingkang kagungan peparing lan paring nikmat, mboten wonten pengeran kejawi Panjenengan, kelawan pitulunge tiyang ingkang sami ngungsi lan keselametanipun tiyang ingkang sami nyuwun pitulung lan keamananipun tiyang ingkang sami ajerih.

اَللَّهُمَّ اِنْ كُنْتَ كَتَبْتَنِيْ عِنْدَكَ شَقِيًّا أَوْ مَحْرُوْمًا أَوْ مَطْرُوْدًا أَوْ مُقْتَرًا عَلَيَّ فِي الرِّزْقِ فَامْحُ الَّلهُمَّ بِفَضْلِكَ شَقَاوَتِيْ وَحِرْمَانِي وَطَرْدِيْ وَاِقْتَارَ رِزْقِيْ وَأَثْبِتْنِيْ عِنْدَكَ فِيْ أُمِّ الْكِتَابِ سَعِيْدًا مَرْزُوْقًا مُوَفَّقًا لِلْخَيْرَاتِ، فَإِنَّكَ قُلْتَ وَقَوْلُكَ الْحَقُّ فِيْ كِتَابِكَ اْلـمُنْزَلِ عَلَى لِسَانِ نَبِيِّكَ اْلـمُرْسَلِ: (يَمْحُو اللهُ مَا يَشَاءُ وَيُثْبِتُ وَعِنْدَهُ أُمُّ الْكِتَابِ)

Duh Alloh, menawi panjenengan sampun nyerat kawulo ingdalem ngarso Panjenengan wonten ing Ummil Kitab, pun serat ciloko utawi dipun aling-alingi utawi dipun tulak utawi dipun paringi cupet rizqinipun, mongko mugio panjenengan kerso menghapus kelawan fadlol Panjenengan, menghapus ing ciloko kawulo, kaling-kalingan kawulo, katolak kawulo lan ceputipun rizqi kawulo, lan mugi Panjenengan netepaken kawulo ingdalem ngarso Panjenengan wonten ing Ummil Kitab, pun tetepaken dados tiyang ingkang bejo, dipun rizqeni soho pinaringan pitulung dateng kesahenan. Kerenten Panjenengan dawuh , dawuh Panjenengan puniko Haq, dawuh wonten ing Kitab Panjenengan ingkang dipun turunaken atas lisan Nabi Panjenengan ingkang dipun utus "NGLEBUR SOPO ALLOH ING BARANG INGKANG NGERSAAKEN SOPO ALLOH, LAN NETEPAKEN SOPO ALLOH LAN IKU INGDALEM NGARSANE ALLOH UTAWI UMMUL KITAB" .

 اِلَهِيْ بِالتَّجَلِّي اْلاَعْظَمِ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَهْرِ شَعْباَنَ اْلـمُكَرَّمِ الَّتِيْ يُفْرَقُ فِيْهَا كُلُّ أَمْرٍ حَكِيْمٍ وَيُبْرَمُ، أَسْأَلُكَ أَنْ تَكْشِفَ عَنَّا مِنَ الْبَلاَءِ مَا نَعْلَمُ وَمَا لَا نَعْلَمُ وَمَا اَنْتَ بِهِ أَعْلَمُ، اِنَّكَ أَنْتَ اْلأَعَزُّ اْلاَكْرَمُ  وَصَلَّى اللهُ تَعَالَى عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ


Duh Pengeran dalem, kelawan TAJJALI (menampakkan rohmat)  ingkang agung ingdalem wenginipun sepalih saking Sya'ban ingkang dipun mulyaaken, ingkang dipun pisah indalem wengi niku opo saben-saben perkawis ingkang dipun tetepaken lan tegese` dipun tetepaken, kawulo nyuwun supados Panjengan ngicalaken saking kawulo bala' ingkang kawulo mengertos lan ingkang boten mengertos, lan perkawis ingkang Panjenengan ngude`ne`ni. Sakyetosipun Panjenengan puniko Dzat ingkang onjo lan mulyo. Mugi Alloh maringi tambahe rohmat lan salam atas bendoro kito Nabi Muhammad sak keluarganipun lan sak shohabatipun.


Wallaahu A’lam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar