Senin, 18 Mei 2015

Fadhilah wulan Sya’ban

Kasebat ingdalem kitab Nuz_hatul Majalis halaman 169-170:

عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ :
مَنْ صَلَّى أَوَّلَ لَيْلَةٍ مِنْ شَعْبَانَ اِثْنَتَيْ عَشْرَةَ رَكْعَةً يَقْرَأُ فِي الرَّكْعَةِ الْأُوْلَى فَاتِحَةَ الْكِتَابِ مَرَّةً وَقُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ خَمْسَ مَرَّاتٍ أَعْطَاهُ اللهُ تَعَالَى ثَوَابَ اثْنَيْ عَشَرَ أَلْفَ شَهِيْدٍ وَكُتِبَ لَهُ ثَوَابُ اثْنَتَيْ عَشْرَةَ سَنَةً وَخَرَجَ مِنْ ذُنُوْبِهِ كَيَوْمَ وَلَدَتْهُ أُمُّهُ وَلَا يُكْتَبُ عَلَيْهِ خَطِيْئَةٌ إِلَى ثَمَانِيْنَ يَوْمًا  


Saking kanjeng Nabi Muhammad shallallaahu alaihi wasallam:
Sopo-sopo wonge sholat
12 roka’at ingdalem awale wengi tanggal sepisan wulan Sya’ban.

Deweke
ingdalem saben2 ba’do Fatihah moco surat Al Ikhlas kapingambal limo  mongko paring Allah Subhanahu wa Ta’ala ganjarane rolas ewu wong mati syahid lan tinulis ganjarane ibadah 12 tahun lan metu seko dosa dadi bersih koyo bayi metu saking guwo garbao ibune lan ora tinulis olone tumeko 80 dino


Ugo Saking kanjeng Nabi Muhammad shallallaahu alaihi wasallam:
مَنْ صَامَ مِنْ شَعْبَانَ يَوْمًا حَرَّمَ اللهُ جَسَدَهُ عَلَى النَّارِ وَكَانَ رَفِيْقَ يُوْسُفَ فِي الْجِنَانِ

Sopo wonge puoso sedino ingdalem wulan Sya’ban mongko Gusti Allah ngaromake ing jasade wong mau saking geni neroko, lan mbesuk dadi koncone nabi Yusuf.


Wonten ing  Kitab Musnad Ahmad juz 36 halaman 85:
  قَالَ قُلْتُ وَلَمْ أَرَكَ تَصُومُ مِنْ شَهْرٍ مِنْ الشُّهُورِ مَا تَصُومُ مِنْ شَعْبَانَ قَالَ ذَاكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ يُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ
.....shohabat Usamah matur dumateng kanjeng Nabi Muhammad shallallaahu ‘alaihi wasallam; “Dalem mboten ningali panjenengan siyam katah kados dene panjengan siyam ingdalem wulan Sya’ban?

Kanjeng Nabi Muhammad shallallaahu ‘alaihi wasallam dawuh: ; “Wulan Sya’ban ikulah wulan ingkang poro yaitu bulan ditampakkannya amalan-amalan, menungso podo lali antarane wulan rojab lan wulan Romadhon.  Wulan Sya’ban iku wulan ingkang diangkat opo piro-piro amal marang pengerane alam kabeh ingdalem wulan kasebut”.



Ingdalem  Kitab Al Ghun_yah karya Syeikh Abdu Qadir al Jailani juz 1 halaman 244:

  وَعَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهَا قَالَتْ كَانَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُوْمُ حَتَّى نَقُوْلَ لَايُفْطِرُ  وَيُفْطِرُ حَتَّى نَقُوْلَ  لَايَصُوْمُ  وَكَانَ أَحَبُّ  صِيَامِهِ فِيْ شَعْبَانَ
فَقُلْتُ يَا رَسُوْلَ اللهِ مَا لِيْ أَرَى صِيَامَكَ فِيْ شَعْبَانَ
فَقَالَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ  يَا عَائِشَةُ إِنَّهُ شَهْرٌ يُنْسَخُ لِمَلَكِ الْمَوْتِ فِيْهِ اسْمُ مَنْ يُقْبَضُ رُوْحُهُ فِيْ بَقِيَّةِ الْعَامِ  فَأَنَا أُحِبُّ أَنْ لَايُنْسَخَ اسْمِيْ إِلَّا وَأَنَا صَائِمٌ

...saking Ibu Aisyah, Panjenenganipun matur dumateng Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wasallam: “Duh Rasulullah, Dalem boten pirso panjengan siyam kados siyam panjenengan ingdalem wulan Sya’ban?

Rasulullah shallalaahu ‘alaihi wasallam dawuh:’Wahai Aisyah, Saktemene wulan Sya’ban iku wulan ingkang dicatet opo nama-namane wong ingkang bakal dicabut dening malaikat juru pati (malaikat Izrail), mulane ingsun demen supyo nomo ingsun  ora dicatet kejobo ingdalem tingkang ingsun isyik puoso



Wonten ing kitab Tabshiroh, karya Syeikh Ibnul Jauzi, juz 2 halaman 47:


أخبرنا محمد نَاصِرٍ بِسَنَدِهِ عَنْ عَائِشَةَ قَالَتْ: كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُومُ شَعْبَانَ كُلَّهُ حَتَّى يَصِلَهُ بِرَمَضَانَ، وَلَمْ يَكُنْ يَصُومُ شَهْرًا تَامًّا إِلا شَعْبَانَ، فَإِنَّهُ كَانَ يَصُومُهُ كُلَّهُ، فَقُلْتُ: يَا رَسُولَ اللَّهِ إِنَّ شَعْبَانَ لَمِنْ أَحَبِّ الشُّهُورِ إِلَيْكَ أَنْ تَصُومَهُ. فَقَالَ: " نَعَمْ يَا عَائِشَةُ، إِنَّهُ لَيْسَ مِنْ نَفْسٍ تَمُوتُ فِي سَنَةٍ إِلا كُتِبَ أَجَلُهَا فِي شَعْبَانَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُكْتَبَ أَجَلِي وَأَنَا فِي عِبَادَةِ رَبِّي وَعَمَلٍ صَالِحٍ ".

...Ibu Aisyah matur dumateng Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wasallam : “Duh Rasulullah, sakyektosipun wulan Sya’ban meniko kalebet wulan ingkang panjenengan remeni kangge siyam nggih?

Kanjeng Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wasallam dawuh: “hiyo bener Aisyah. Saktemene ora mati opo awak-awakan ingdalem setahun kejobo wis ditulis ajale ingdalem wulan Sya’ban, mulane ingsun demen yentho ditulis opo ajal ingsun ingdalem keadaan ingsun nglakoni ibadah marang Pengeran ingsun lan amal ingkang sholeh”.


Wallaahu A’lam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar