Fadhilah Rojab
Saking kitab
Mukaasyafatul Quluub,karanganipun Imam Al Ghazali, halaman 255-256
اَلْبَابُ الْمِائَةُ
Bab Ingkang Kaping Satus
فِيْ فَضَائِلِ
رَجَبٍ
Ingdalem Nerangake Fadhilahe
Wulan Rajab
رَجَبٌ مُشْتَقٌّ مِنَ التَّرْجِيْبِ وَهُوَ التَّعْظِيْمُ
وَيُقَالُ لَهُ الْأَصَبُّ لِأَنَّ الرَّحْمَةَ
تُصَبُّ فِيْهِ عَلَى التَّائِبِيْنَ وَتُفِيْضُ أَنْوَارَ الْقَبُوْلِ عَلَى الْعَامِلِيْنَ
وَيُقَالُ لَهُ الْأَصَمُّ لِأَنَّهُ لَمْ
يُسْمَعْ فِيْهِ حِسُّ قِتَالٍ
Rojab iku saking lafazh TARJIB artine ngegungake.
Rojab ugo diaran wulan ASHOBB, kerono ingdalem wulan Rojab rohmat diso`ake
ingatase wong-wong ingkang podo tobat,
lan ngluberake cahyoning katompo ingatase wong-wong ingkang podo ngamal.
Wulan Rojab ugo disebut wulan ASHOMM, kerono ingdalem wulan Rojab ora dirungu
kemrincinge senjata peperangan.
وَقِيْلَ رَجَبٌ اِسْمُ نَهْرٍ فِي الْجَنَّة مَاؤُهُ أَشَدُّ بَيَاضًا
مِنَ اللَّبَنِ وَأَحْلَى مِنَ الْعَسَل وَأَبْرَدُ مِنَ الثَّلْجِ لَا يَشْرَبُ مِنْهُ
إِلَّا مَنْ صَامَ شَهْرَ رَجَبٍ
Den ngendika`ake, Rojab iku aran suwijining bengawan
ingdalem suwargo. Banyune luwih putih tinimbang puwan, luwih manis tinimbang
madu lan luwih aces tinimbang salju.
Ora nginum saking bengawan mau anging wong ingkang puoso ingdalem wulan Rojab
قَالَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رَجَبٌ شَهْرُ
اللهِ وَشَعْبَانُ شَهْرِيْ وَرَمَضَانُ شَهْرُ أُمَّتِيْ
Kanjeng Nabi shallallaahu alaihi wasallam dawuh: “Rojab
iku wulane Gusti Allah, Sya’ban iku wulanku, lan Romadhan iku wulane umatku.”
وَقَالَ أَهْلُ الْإِشَارَةِ رَجَبٌ ثَلَاثَةُ أَحْرُفٍ رَاءٌ
وَجِيْمٌ وَبَاءٌ فَالرَّاءُ رَحْمَةٌ وَالْجِيْمُ جُرْمُ الْعَبْدِ وَجِنَايَتُهُ
وَالْبَاءُ بِرُّ اللهِ كَأَنَّ اللهَ تَعَالَى يَقُوْلُ أَجْعَلُ جُرْمَ عَبْدِيْ
بَيْنَ رَحْمَتِيْ وَبِرِّيْ
Ulama ahli Isyaroh ngendiko: ROJAB hurufe telu, RO`,
JIM lan BA`.
RO` isyarah Rohmat, JIM isyaroh Jurmul ‘Abdi (dosane kawulo) , BA` isyaroh
Birrullaah (kebagusane Gusti Allah)
Koyo-koyo Gusti Allah dawuh: Aku ndede`ake dosane kawulo ingsun ingdalem
antarane Rohmat ingsun lan Kabagusan ingsun.
وَعَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ
قَالَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ السَّابِعَ وَالْعِشْرِيْنَ
مِنْ رَجَبٍ كُتِبَ لَهُ صِيَامُ سِتِّيْنَ شَهْرًا
Kariwayatake saking shohabat Abu Hurairah radhyallaahu
‘anhu, panjenengane ngendiko: Kanjeng Nabi shallallaahu alaihi wasallam dawuh: Sopo
wonge puoso ingdalem tanggal 27 wulan Rojab, mongko ditulis kanggo wong mau
puoso 60 wulan.”
وَقَالَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَلَا إِنَّ
رَجَبًا شَهْرُ اللهِ الْأَصَمُّ فَمَنْ صَامَ مِنْ رَجَبٍ إِيْمَانًا
وَاحْتِسَابًا اِسْتَوْجَبَ رِضْوَانَ اللهِ الْأَكْبَرَ
Kanjeng Nabi shallallaahu alaihi wasallam dawuh: Eling,
eling, saktemene Rojab iku wulane Gusti Allah ingkang kukuh. Sopo wonge puoso
wulan Rojab kerono iman lan mamprih ganjaran akhirat, mongko wong iku bakal
ngehaqi karidhonane Gusti Allah ingkang agung.”
وَقِيْلَ زَيَّنَ اللهُ الشُّهُوْرَ بِأَرْبَعَةٍ ذِي الْقَعْدَةِ وَذِي
الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمِ وَرَجَبٍ وَوَاحِدٌ فَرْدٌ وَهُوَ شَهْرُ رَجَبٍ
Di ngendika`ake, Gusti Allah iku maes-maesi wulan
kelawan wulan papat, Dzul Qo’dah, Dzul Hijjah, Muharram lan Rojab. Wulan papat
mau ingkang siji dewe`an, yoiku wulan Rojab.
وَحُكِيَ أَنَّ امْرَأَةً فِيْ بَيْتِ الْمَقْدِسِ كَانَتْ تَقْرَأُ كُلَّ يَوْمٍ
مِنْ رَجَبٍ قُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ اِثْنَتَيْ عَشْرَةَ أَلْفَ مَرَّةٍ وَكَانَتْ
تَلْبَسُ الصُّوْفَ فِيْ شَهْرِ رَجَبٍ فَمَرِضَتْ وَأَوْصَتْ اِبْنَهَا أَنْ
يَدْفِنَ مَعَهَا صُوْفَهَا فَلَمَّا مَاتَتْ كَفَّنَهَا فِيْ ثِيَابٍ
مُرْتَفِعَةٍ فَرَآهَا فِيْ مَنَامِهِ تَقُوْلُ لَهُ أَنَا عَنْكَ غَيْرُ
رَاضِيَةٍ لِأَنَّكَ لَمْ تَعْمَلْ بِوَصِيَّتِيْ فَانْتَبَهَ فَزِعًا وَأَخَذَ
صُوْفَهَا لِيَدْفِنَهُ مَعَهَا فَنَبَشَ قَبْرَهَا فَلَمْ يَجِدْهَا فِيْهِ
فَتَحَيَّرَ فَسَمِعَ نِدَاءً أَمَا عَلِمْتَ أَنَّ مَنْ أَطَاعَنَا فِيْ رَجَبٍ
لَا نَتْرُكُهُ فَرْدًا وَحِيْدًا
Dipun crita`aken, wonten setunggalipun tiyang estri
wonten ing kota Baitul Maqdis.
Panjenenge tiap dinten saking wulan Rojab mahos surat Qulhuwalloohu Ahad kaping
12000 ambalan. Panjenengane wonten ing wulan Rojab ngagem rasukan saking shuf
(wulu kambing).
Kacarios, panjenengane gerah, lajeng wasiat dumateng putro jalere menawi pejah supados
rasukan shuf kolo wau nderek dipun pendem wonten ing quburanipun.
lajeng ingkang ibu pejah, si putro jaler
ngulesi ibunipun kanti pakaian ingkang mahal. Ndalunipun si putro kolo wau
ngimpi kepanggih ingkang ibu Ingkang ibu ngendiko: Putraku, aku ora ridho
marang sliramu, jalaran sliramu ora ngleksanaake wasiatku.
Ingkang putro nglilir kanthi kaget sanget, tumuli enggal-enggal mendet rasukan
shuf milik ibunipun bade dipun lebetaken wonten ing quburanipun ingkang ibu.
Ananging naliko si putro kolo wau nduduk quburan ibunipun, deweke mboten
manggihi jasadipun ingkang ibu.
Ingkang putro bingung sanget, selajeng wonten suoro undang-undang:
Opo sliramu ora ngerti, saktemene sopo wongkang to’at marang ingsun ingdalem
wulan Rojab, mongko ingsun ora nianggalake wong mau dewekan ingdalem quburane.
وَرُوِيَ إِذَا كَانَ ثُلُثُ اللَّيْلِ مِنْ أَوَّلِ جُمُعَةٍ مِنْ رَجَبٍ لَا
يَبْقَى مَلَكٌ إِلَّا وَيَسْتَغْفِرُ لِصُوَّامِ رَجَبٍ
Dipun riwayataken, Rikolo ono opo sepertelon wengi
saking awale dino Jumat wulan Rojab mongko ora masih sopo Malakat anging
nyuwunake pengapuro tumerap wong ingkang podo puoso ingdalem wulan Rojab.
وَعَنْ أَنَسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ ثَلَاثَةَ أَيَّامٍ مِنْ شَهْرٍ حَرَامٍ كُتِبَ
لَهُ ثَوَابُ عِبَادَةِ تِسْعِمِائَةِ سَنَةٍ قَالَ أَنَسٌ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ
صُمَّتْ أُذُنَايَ إِنْ لَمْ أَكُنْ سَمِعْتُهُ مِنْ رَسُوْلِ اللهِ صَلَّى اللهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
Dipun
riwayataken saking shohabat Anas radhiyallaahu ‘anhu, panjenengane
ngendiko, Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wasallam dawuh:
“Sopo wonge puoso telung dino saking wulan ingkang mulyo (diantarane wulan
ingkang mulyo yoiku wulan Rojab) mongko ditulis kanggo wong iku ibadah 900
tahun.”
Shohabat Anas radhiyallaahu ‘anhu ngendiko: Mugo-mugo
kuping lorone ingsun budeg yen pancen ingsun ora krungu pengendikan nduwur
saking Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wasallam.
اَلْأَشْهُرُ الْحُرُمُ أَرْبَعَةٌ وَخِيَارُ
الْمَلَائِكَةِ أَرْبَعَةٌ وَأَفْضَلُ الْكُتُبِ الْمُنْزَلَةِ أَرْبَعَةٌ
وَأَعْضَاءُ الْوُضُوْءِ أَرْبَعَةٌ وَأَفْضَلُ التَّسْبِيْحَاتِ كَلِمَاتٌ
أَرْبَعَةٌ سُبْحَانَ اللهِ وَالْحَمْدُ للهِ وَلَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرُ وَعِمَادُ الْحِسَابِ أَرْبَعَةٌ آحَادٌ وَعَشَرَاتٌ وَمِئَاتٌ وَأُلُوْفٌ وَالْأَوْقَاتُ أَرْبَعَةٌ
اَلسَّاعَةُ وَالْيَوْمُ وَالشَّهْرُ وَالسَّنَةُ وَسُلْطَانُ الْبَدَنِ
أَرْبَعَةٌ صَفْرَاءُ وَسَوْدَاءُ وَدَمٌ وَبُلْغَمٌ وَالْخُلَفَاءُ
الرَّاشِدُوْنَ أَرْبَعَةٌ أَبُوْ بَكْرٍ وَعُمَرُ وَعُثْمَانُ وَعَلِيٌّ
رِضْوَانُ اللهِ عَلَيْهِمْ أَجْمَعِيْنَ
Wulan-wulan ingkang mulyo iku papat (Dzul Qo’dah, Dzul
Hijjah, Muharram lan Rojab)
Petingane Malaikat ugo papat (Jibril, Mikail, Israfil lan Izrail)
Kitab-kitab ingkang paling utomo diturunake ugo papat (Zabur, Taurat, Injil lan
Al Quran)
Anggota wudhu ugo papat (Perahupan, tangan, sirah lan sikil)
Paling utomone tasbih patang
kalimat:
SUBHAANALLAH
WAL HAMDULILLAH
WA LAA ILAAHA ILLALLOOH
WALLAAHU AKBAR
Pusokoning itunga ugo papat, IJEN (siji tekan songo), PULUHAN,
ATUSAN lan EWON
Wektu ugo papat; saat (sak wektu / sak jam), sedino,
sewulan lan setahun
Ingkang nguwasani badan ugo papat:
SHOFRO` (cairan kuning ing peru
/ empedu)
SAUDA` (cairan ireng ing limpo)
DAM (getih)
BULGHOM (lendir / cairan nang njero awak)
Khulafa`urrosyidin ugo papat; Abu Bakar, Umar, Utsman lan
Ali radhilalllaahu ‘anhum ajma’iin.
رَوَى الدَّيْلَمِيُّ عَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهَا قَالَتْ سَمِعْتُ
رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ يَسُحُّ اللهُ الْخَيْرَ
فِيْ أَرْبَعِ لَيَالِيَ سَحًّا لَيْلَةِ الْأَضْحَى وَلَيْلَةِ الْفِطْرِ
وَلَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ وَأَوَّلِ لَيْلَةٍ مِنْ رَجَبٍ
Imam Dailami ngriwayate saking Ibu Aisyah radhiyallaahu
‘anhaa, panjenengane ngendiko: Aku krungu Rasulullah shallallaahu ‘alaihi
wasallam dawuh:
“Gusti Allah ngeso`ake kebagusan ingdalem papat wengi kelawan ngeso`ake
temenan:
- Weng Idul Adha
- Wengi Idul Fitri
- Wengi Nsihfu Syaban
- Weng tanggal siji wulan Rojab
وَرَوَى الدَّيْلَمِيُّ أَيْضًا بِسَنَدِهِ عَنْ أَبِيْ أُمَامَةَ عَنْ رَسُوْلِ
اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ خَمْسُ لَيَالٍ لَا تُرَدُّ فِيْهَا
دَعْوَةٌ أَوَّلُ لَيْلَةٍ مِنْ رَجَبٍ وَلَيْلَةُ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ
وَلَيْلَةُ الْجُمُعَةِ وَلَيْلَتَا الْعِيْدَيْنِ
Imam Dailami ugo ngriwayate kelawan sanade saking
shohabat Abu Umamah, saking Rasulullah shallallaahu alaihi wasallam,
panjenengane dawuh:
“Ono limo wengi ingkang doa ora ditolak ingdalem limang wengi kasebut:
- Wengi tanggal siji wulan Rojab
- Wengi Nishfu Sya’ban
- Wengi Jum’at
- Wengi Id loro (Idul Fitri lan Idul Adha)
Wallaahu A’lam