Minggu, 21 Desember 2014

Keutamaan Panggonan Ingkang di waca`ake Maulid Nabi Muhammad shallallaahu 'alaihi wasallam



Keutamaan Panggonan Ingkang di waca`ake Maulid Nabi

قَالَ سُلْطَانُ الْعَارِفِيْنَ جَلَالُ الدِّيْنِ السُّيُوْطِيُّ فِيْ كِتَابِهِ الْوَسَائِلِ فِيْ شَرْحِ الشَّمَائِلِ
مَا مِنْ بَيْتٍ أَوْ مَسْجِدٍ أَوْ مَحَلَّةٍ قُرِئَ فِيْهِ مَوْلِدُ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِلَّا حَفَّتِ الْمَلاَئِكَةُ بِأَهْلِ ذَلِكَ الْمَكَانِ ، وَعَمَّهُمُ اللهُ بِالرَّحْمَةِ وَالْمُطَوَّقُوْنَ بِالنُّوْرِ يَعْنِيْ جِبْرَائِيْلَ وَمِيْكَائِيْلَ وَإِسْرَافِيْلَ وَقَرْبَائِيْلَ وَعَيْنَائِيْلَ وَالصَّافُّوْنَ وَالْحَافُّوْنَ وَالْكَرُوْبِيُّوْنَ فَإِنَّهُمْ يُصَلُّوْنَ عَلَى مَنْ كَانَ سَبَبًا لِقِرَاءَةِ مَوْلِدِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ


Ngendiko sopo Sulthanul ‘Arifin Jalaluddin As Suyuthi ingdalem kitabe “Al Wasaa`il Fii Syarhisysyamaa`il:
Ora ono utawi omah utowo mesjid utowo tempat tinggal ingkang  diwaca`ake ingdalem iku panggonan opo Maulid Nabi Muhammad shallallaahu ‘alahi wasallam anging iku ngepung sopo poro agung Malaikat kelawan ahline mengkono-menkono panggonan. Lan nyumrambahi sopo Gusti Allah kelawan rahmat, lan poro agung Malaikat ingkang podo dilimputi  kelawan cahyo, yoiku: Jibril, Mikail, Israfil, Qarbail Ainail, lan poro agung Malaikat ingkang podo baris, lan poro agung Malaikat ingkang podo anglilingi lan poro agung Malaikat Karubiyyun (gustine poro agung Malaikat), kabeh mau podo nyuwunake pengapuro marang wong-wong ingkang dadi sebab anane moco maulid Nabi Muhammad shallallaahu ‘alaihi wasallam


قَالَ : وَمَا مِنْ مُسِلِمٍ قُرِئَ فِيْ بَيْتِهِ مَوْلِدُ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِلَّا رَفَعَ اللهُ تَعَالَى الْقَحْطَ وَالْوَبَاءَ وَالْحَرْقَ وَالآفَاتِ وَالْبَلِيَّاتِ وَالْبُغْضَ وَالْحَسَدَ وَعَيْنَ السُّوْءِ وَاللُّصُوْصَ عَنْ أَهْلِ ذَلِكَ الْبَيْتِ، فَإِذَا مَاتَ هَوَّنَ اللهُ تَعَالَى عَلَيْهِ جَوَابَ مُنْكَرٍ وَنَكِيْرٍ، وكَانَ فِيْ مَقْعَدِ صِدْقٍ عِنْدَ مَلِيْكٍ مُقْتَدِرٍ


Imam Suyuthi ngendiko maneh : Ora ono utawi wong Islam, iku diwaca-ake Maulid kanjeng Nabi shallallaahu ‘alaihi wasallam anging Gusti Alloh bakal ngilangi saking ahline omah iku , opo paceklik , wabah , kobongan , ponco boyo , bilahi , malapetaka , dendam , hasud , penyakit ‘ain ingkang olo, kemalingan. Naliko wong mau mati , mongko Gusti Alloh bakal nggampangake anggone jawab M alaikat Munkar lan Nakir , lan wong mau bakal katempatake ingdalem palungguhan ingkang temen , ingdalem ngarsane Dzat Ingkang Ngratoni , Ingkang Moho Kuat lan Ingkang Kuoso


Sumber: Kitab I’anatuththolibin juz 3 halaman 35

Tidak ada komentar:

Posting Komentar