Keutamaan sholat tarawih 30
malem
wonten ing kitab Durrotunnasihin, karanganipun Syeikh Khoubawi, halaman 18
عَنْ اَبِيْ طَالِبٍ رَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْهُ قَالَ: سُئِلَ النَّبِيُّ صَلَّى
اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَنْ فَضَائِلِ التَّرَاوِيْحِ فِيْ شَهْرِ رَمَضَانَ
فَقَالَ يَخْرُجُ الْمُؤْمِنُ مِنْ ذَنْبِهِ فِيْ اَوَّلِ لَيْلَةٍ كَيَوْمَ
وَلَدَتْهُ اُمُّهُ
Saking shohabat Ali bin Abi Tholib –karromallaahu wajhah- panjenengane
ngendiko:
Kanjeng Nabi Muhammad disuwuni pirso mengenai keutamaane sholat tarowih
ingdalem wulan Romadhon,
Kanjeng Nabi dawuh:
Malem Pertama:
Metu sopo wong mukmin (ingkang nglakoni tarowih ingdalem wengi pertama) saking
dosane lir kadyo dino dilahirake saking guwo garbo ibune
وَفِي اللَّيْلَةِ
الثَّانِيَةِ يُغْفَرُ لَهُ وَلِأَبَوَيْهِ اِنْ كَانَا مُؤْمِنَيْنِ
Malem Kapindo:
Dingapuro kanggo wong wong mukmin (ingkang nglakoni tarowih ingdalem wengi
kapindo) lan kanggo wong tuwo lorone ingkang mukmin
وَفِي اللَّيْلةِ
الثَّالِثَةِ يُنَادِيْ مَلَكٌ مِنْ تَحْتِ الْعَرْشِ اِسْتَأْنِفِ الْعَمَلَ
غَفَرَ اللهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِكَ
Malem Kaping 3
Undang-undang sopo Malaikat saking ngisore Arasy:
Napu`ono siro (wahai wong ingkang nglakoni sholat tarowih ingdalem wengi kaping
telu). Gusti Allah wis ngapuro marang siro dosa ingkang wis kliwat
وَفِي اللَّيْلةِ
الرَّابِعَةِ لَهُ مِنَ الْأَجْرِ مِثْلُ قِرَاءَةِ التَّوْرَاةِ وَالزَّبُوْرِ وَالْإِنْجِيْلِ
وَالْفُرْقَانِ
Malem Kaping 4
kanggone wong kang nglakoni sholat tarowih ingdalem wengi kaping papat ganjaran
sepadane moco kitab taurat, kitab Zabur, Kitab Injil lan kitab al Quran
وَفِي اللَّيْلَةِ
الْخَامِسَةِ أَعْطَاهُ اللهُ تَعَالىَ مِثْلَ مَنْ صَلَّى فِي الْمَسْجِدِ الْمَدِيْنَةِ
وَالْمَسْجِدِ الْأَقْصَى
Malem Kaping 5
Gusti Allah maringi wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping limo
sepadane wong ingkang sholat ingdalem Mesjid Madinah lan Masjidil Aqsho
وَفِي اللَّيْلَةِ
السَّادِسَةِ أَعْطَاهُ اللهُ تَعَالَى مَنْ طَافَ بِالْبَيْتِ الْمَعْمُوْرِ وَيَسْتَغْفِرُ
لَهُ كُلُّ حَجَرٍ وَمَدَرٍ
Malem Kaping 6
Maringi sopo Gusti Allah Ta’ala ing wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi
kaping nenem koyo ganjarane wong ingkang thowaf
ono ing Baitul Makmur (Qiblate Poro Agung Malaikat) lan ngapuro marang
wong mau opo kabeh watu lan wadas
وَفِي اللَّيْلَةِ
السَّابِعَةِ فَكَأَنَّمَا أَدْرَكَ مُوْسَى عَلَيْهِ السَّلَامُ وَنَصْرُهُ عَلَى
فِرْعَوْنَ وَهَامَانَ
Malem Kaping 7
Wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping pitu koyo-kyo menangi Nabi
Musa ‘alaihissalaam, lan mitulungi Nabi Musa ngalahake Fir’aun lan Haaman
وَفِي اللَّيْلَةِ
الثَّامِنَةِ أَعْطَاهُ اللهُ تَعَالَى مَا أَعْطَى إِبْرَاهِيْمَ عَلَيْهِ السَّلَامُ
Malem Kaping 8
Maringi sopo Gusti Allah Ta’ala ing wong ngkang sholat tarowih wengi kaping
wolu ing ganjaran ingkang diparingake marang Nabi Ibrahim ‘alaihissalaam
وَفِي اللَّيْلَةِ
التَّاسِعَةِ فَكَأَنَّمَا عَبَدَ اللهَ تَعَالى عِبَادَةَ النَّبِيِّ صَلَّى
اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
Malem Kaping 9
Koyo-koyo ibadah sopo wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping songo
kelawan ibadahe Kanjeng Nabi Muhammad shallallaahu ‘alaihi wasallam
وَفِي اللَّيْلَةِ
العَاشِرَةِ يَرْزُقُهُ اللهُ تَعَالَى خَيْرَيِ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ
Malem Kaping 10
Ngrezqeni (memberi rizqi) sopo Gusti Allah Ta’ala ing wong ingkang nglakoni sholat
tarowih wengi kaping sepuluh, direzqeni kebagusan dunyo lan kebagusan akhirat
وَفِي اللَّيْلَةِ الْحَادِيَةِ
عَشَرَةَ يَخْرُجُ مِنَ الدُّنْيَا كَيَوْمَ وُلِدَ مِنْ بَطْنِ أُمِّهِ
Malem Kaping 11
Metu sopo wong ingkang nglakoni sholat
tarowih wengi kang sewelas saking donyane koyo dene dino dilahirake saking guwo
garbo ibune
وَفِي اللَّيْلَةِ
الثَّانِيَةِ عَشَرَةَ جَاءَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَوَجْهُهُ كَالْقَمَرِ لَيْلَةَ
البَدْرِ
Malem Kaping 12
Teko sopo wong ingkang nglakoni sholat
tarowih wengi kaping rolas ingdalem dino qiyamat praupane koyo wengi purnomo
وَفِي اللَّيْلَةِ الثَّالِثَةِ
عَشَرَةَ جَاءَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ آمِنًا مِنْ كُلِّ سُوْءٍ
Malem Kaping 13
Teko sopo wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping telulas aman saking kabeh kealanan (keburukan)
ingdalem dino qiyamat
وَفِي اللَّيْلَةِ الرَّابِعَةَ
عَشَرَةَ جَاءَتِ الْمَلاَئِكَةُ يَشْهَدُوْنَ لَهُ أَنَّهُ قَدْ صَلَّى
التَّرَاوِيْحَ فَلَا يُحَاسَبُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ
Malem Kaping 14
Teko sopo poro Agung Malaikat podo nekseni marang wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping pat belas
saktemene wong iku nglakoni sholat tarowih, mongko deweke ora dilandrat
ingdalem dino qiyamat
وَفِي اللَّيْلَةِ الْخَامِسَةَ
عَشَرَةَ يُصَلِّيْ عَلَيْهِ الْمَلَائِكَةُ وَحَمَلَةُ الْعَرْشِ وَالْكُرْسِيِّ
Malem Kaping 15
Njalukke ngapuro sopo poro agung Malaikat lan Malikat ingkang nggotong Arasy
lan Kursi marang wong ingkang nglakoni sholat
tarowing wengi kaping limolas
وَفِي اللَّيْلَةِ السَّادِسَةِ
عَشَرَةَ كَتَبَ اللهُ لَهُ بَرَاءَةَ النَّجَاةِ مِنَ النَّارِ وَبَرَاءَةَ
الدُّخُوْلِ فِي الْجَنَّةِ
Malem Kaping 16
Nulis sopo Gusti Allah kanggo wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping nembelas lebaran
lan selamet saking geni neroko, lan lebaran lan mlebu ingdalem suwargo
وَفِي اللَّيْلَةِ السَّابِعَةِ
عَشَرَةَ يُعْطَى مِثْلَ ثَوَابَ الْأَنْبِيَاءِ
Malem Kaping 17
Diparingi sopo wong ingkang nglakoni sholat tarowih malem kaping pitulas
sepadane ganjarane poro Nabi
وَفِي اللَّيْلَةِ الثَّامِنَةِ
عَشَرَةَ نَادَى مَلَكٌ يَاعَبْدَ اللهِ اِنَّ اللهَ قَدْ رِضَى عَنْكَ وَلِوَالِدَيْكَ
Malem kaping 18
Undang-undang sopo Malaikat, wahai kawulane Gusti Allah (ingkang nglakoni
sholat tarowih wengi kaping wolulas) saktemene Gusti Allah ridho marang sliramu
lan wong tuwo lorone sliramu
وَفِي اللَّيْلَةِ التَّاسِعَةَ
عَشَرَةَ يَرْفَعُ اللهُ دَرَجَاتِهِ فِي الْفِرْدَوْسِ
Malem Kaping 19
Gusti Allah ngangkat derajate wong ingkang nglakoni
sholat tarowih wengi kaping songolas ing derajate ingdalem suwargo Firdaus
وَفِي اللَّيْلَةِ العِشْرِيْنَ
يُعْطَى ثَوَابَ الشُّهَدَاءِ وَالصَّالِحِيْنَ
Malem Kaping 20
Diparingi sopo wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping rong puluh ing
ganjarane wong mati syahid lan sholihin
وَفِي اللَّيْلَةِ الْحَادِيَةِ
وَالعِشْرِيْنَ بَنَى اللهُ لَهُ فِي الْجَنَّةِ مِنَ النُّوْرِ
Malem Kaping 21
Gusti Allah mbangunake kanggo wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping
selikur ingdalem suwargo saking nur
وَفِي اللَّيْلَةِ الثَّانِيَةِ
وَالعِشْرِيْنَ جَاءَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ آمِنًا مِنْ كُلِّ غَمٍّ وَهَمٍ
Malem Kaping 22
Teko sopo wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping rolikur ingdalem
dino qiyamat aman saking kesusahan lan keprihatinan
وَفِي اللَّيْلَةِ الثَّالِثَةِ
وَالعِشْرِيْنَ بَنَى اللهُ مَدِيْنَةً فِي الْجَنَّةِ
Malem Kaping 23
Gusti Allah mbangunake kanggo wong ingkang nglakoni
sholat tarowih wengi kaping telu likur kutho ingdalem suwargo
وَفِي اللَّيْلَةِ الرَّابِعَةِ
وَالعِشْرِيْنَ كَانَ لَهُ اَرْبَعٌ وَعِشْرُوْنَ دَعْوَةً مُسْتَجَابَةً
Malem Kaping 24
Ono iku kaduwe wong ingkang nglakoni sholat tarowih
wengi kaping pat likur opo 24 do’a ingkang mustajab
وَفِي اللَّيْلَةِ الْخَامِسَةِ
وَالعِشْرِيْنَ يَرْفَعُ اللهُ تَعَالَى عَنْهُ عَذَابَ الْقَبْرِ
Malem Kaping 25
Gusti Allah Ta’ala ngilangake saking wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi
kaping selawe ing sikso qubur
وَفِي اللَّيْلَةِ السَّادِسَةِ
وَالْعِشْرِيْنَ يَرْفَعُ اللهُ لَهُ ثَوَابَهُ اَرْبَعِيْنَ عَامًا
Malem Kaping 26
Gusti Allah ngunggahake kanggo wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi
kaping nem likur ganjaran 40 tahun
وَفِي اللَّيْلَةِ السَّابِعَةِ
وَالْعِشْرِيْنَ جَازَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ عَلَى الصِّرَاطِ كَالْبَرْقِ
الْخَاطِفِ
Malem Kaping 27
Liwat / ngliwati ingatase wot shirotol mustaqim sopo wong ingkang nglakoni
sholat tarowih wengi kaping pitu likur lir kadyo kilap ingkang nyamber
وَفِي اللَّيْلَةِ الثَّامِنَةِ
وَالْعِشْرِيْنَ يَرْفَعُ اللهُ لَهُ اَلْفَ دَرَجَةٍ فِي الْجَنَّةِ
Malem Kaping 28
Gusti Allah ngangkat ing wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping wolu
likur ing 1000 derajat ingdalem suwargo
وَفِي اللَّيْلَةِ
التَّاسِعَةِ وَالْعِشْرِيْنَ أَعْطَاهُ اللهُ ثَوَابَ اَلْفِ حَجَّةٍ مَقْبُوْلَةٍ
Malem Kaping 29
Gusti Allah maringi wong ingkang nglakoni sholat tarowih wengi kaping songo
likur ing ganjaran sepadane 1000 haji ingkang mabruur
وَفِي اللَّيْلَةِ الثَّلاَثِيْنَ
يَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى يَا عَبْدِىْ كُلْ مِنْ ثِمَارِ الْجَنَّةِ وَاغْتَسِلْ
مِنْ مَاءِ السَّلْسَبِيْلِ وَاشْرَبْ مِنَ الْكَوْثَرِ اَنَا رَبُّكَ وَاَنْتَ
عَبْدِيْ
Malem
Kaping 30
Gusti Allah Ta’ala dawuh: Wahai kawulo ingsun (ingkang nglakoni sholat tarowih
wengi kaping telung puluh):
Mangano sliramu saking woh-wohane suwargo, lan aduso siro saking banyu
salsabil, lan nginumo siro saking telogo kautsar
Ingsun Pengeran iro, lan siro kawulo Ingsun
Wallaahu A’lamu Bishshowaab